Riwayat Geasangipun Raden Ajeng Kartini
Raden Ajeng Kartini mijil wonten bumi Jepara, tanggal 21
April taun 1879. Raden Ajeng Kartini menika putri Wedana Mayong nun inggih Raden
Mas Adipati Sosroningrat. Dene ingkang biyung inggih menika garwa ampilipun
ingkang asma M.A. Ngasirah. Kartini menika wayah saking Bupati Demak asma
Tjondronegoro. Kanthi dhasar “lingkungan” kulawarga priyayi ingkang berpendhidhikan
menika, Kartini tuwuh lan diwasa kanthi kebak raos kritis saengga
ndadosaken panjenenganipun grengseng merjuangaken nasib wanita.
Nalika tasih timur, Raden Ajeng Kartini kaparingan kalodhangan sekolah wonten ELS utawi Europese Lagere School.
Wonten ing pawiyatan, panjenenganipun nyinau maos, nyerat, saha nyinau basa
Walandi. Ananging, ngancik yuswa 12 taun, RA Kartini boten angsal nglajengaken
sekolahipun. Panjenenganipun dipunpingit kados adatipun lare putri ing jaman
menika. Mila saking menika Kartini mundhut pirsa dhumateng Ramanipun “Bapa, kenging
menapa Kartini mboten pikantuk nglajengaken sekolah? Kenging menapa Kartini kedah
enggal-enggal dipunpingit? Kartini taksih kepingin nglajengaken sekolah Bapa.”
Kaliyan swanten ingkang lirih Ramanipun lajeng paring wangsulan. “Ndhuk, anakku
cah ayu, pancen kekarepanmu mulya. Nanging, ngertia adat budaya leluhur kene. Tampanen
kanti ati kang legawa ya Ndhuk.” Kartini nangis ngguguk amargi gela kaliyan
kahanan menika.
Sinaosa dipunpingit, boten ateges Kartini mandheg anggenipun
ngangsu kawruh. Panjenenganipun sinau piyambak, panjenenganipun ugi asring
kirim layang dhumateng kanca – kancanipun ingkang wonten ing nagari Walandi.
Salah satunggaling kanca kenthel Kartini inggih menika Rosa Abendanon, ingkang
saestu nyengkuyung gegayuhan Raden Ajeng Kartini kangge majengaken nasib tiyang
estri.
Rikala jaman semanten, tiyang estri naming
macak, manak, masak. Pramila, boten wonten tiyang estri
ingkang saged maos, nyerat, lan sapanunggalanipun. Kahanan menika
benten kaliyan penggalihipun Raden Ajeng Kartini, bilih wanita dados kunci suksesing kulawarga. Amargi ingkang nata lakuning bale wisma lan ingkang nggulawenthah saha nyithak kapribaden para putra generasi penerusing
bangsa tamtu tiyang estri. Lha menawi tiyang estri cubluk, badhe dados menapa generasi penerus bangsa samangke? Menika ingkang dados pro lan kontra wonten ing salebeting manah Raden Ajeng Kartini.
Tanggal 12 November 1903, ing yuswa 24 taun, Raden Ajeng
Kartini kadhaupaken kaliyan Bupati Rembang Kanjeng Raden Mas Adipati Ario
Singgih Djojo Adiningrat ingkang sampun kagungan garwa tiga. Kaliyan ingkang
garwa, Raden Ajeng Kartini dipunparingi kalodhangan saha dipunsengkuyung kangge
mujudaken gegayuhanipun kanthi damel pawiyatan kangge para putri. Pawiyatanipun
menika mapan ing Komplek Kabupaten sisih wetan.
Tanggal 13 September 1904 Raden Ajeng Kartini mijilaken
ingkang putra ingkang asma Soesalit. Mbok menawi sampun dados titahing Pangeran
ingkang Akarya jagad, sekawan dinten sasampunipun babaran inggih menika tanggal
17 September 1904, Raden Ajeng Kartini tinimbalan ing ngarsanipun Allah ing
yuswa 25 taun.
Sinaosa boten dangu anggenipun menjuangaken nasibipun
tiyang estri, ananging ombyaking semangat emansipasi tasih keraos dumugi
sakmenika. Tiyang estri kathah ingkang sukses ing babagan karier, ugi kathah
ingkang sukses nglantaraken putra putrinipun dados jalma utama ingkang migunani
tumprap bangsa lan nagara.
Nuwun
Tidak ada komentar:
Posting Komentar