31 Jan 2018

MAKNA KEDUTEN ING SAPERANGANE AWAK


KEDUTEN   (ALAMAT KEDUTAN)

Yen miturut ngelmu biologi-anatomi, keduten mono minangka respone saraf ing saranduning badan. Ananging beda karo kapitayane wong jawa, keduten mono minangka pratandha aliyas sasmita apa kang arep kaleksanan mbesoke.

Lha ing ngisor iki sasmita nalika ana perangane awak kang keduten. Check this out Lur.....

  • Saranduning awak kabeh, arep seneng ndeleng kaendahan.
  • sirahe, arep oleh dahulate ratu.
  • embun2an, arep dadi mantri.
  • bathuk tengen,            arep oleh arta.
  • bathuk kiwa, arep nemu suka.
  • alis tengen, arep oleh arta.
  • alis kiwa, arep ketemu kekasih.
  • tlapukan mripat tengen dhuwur, arep oleh arta.
  • tlapukan mripat tengen ngisor, arep nemu kasusahan.
  • tlapukan mripat kiwo nduwur, arep oleh kabecikan.
  • tlapukan mripat kiwo ngisor, arep nangis.
  • tadah luh tengen, arep nangis.
  • tadah loh kiwo, luwar saka prihatin.
  • papadoning mripat tengen, arep ningali kekasihe.
  • papadoning mripat kiwo, arep kasusahan.
  • wrejilane mripat tengen, arep nangisi wong mati.
  • wrejilane mripat kiwa, arep ningali wong saka desa.
  • pipi tengen, arep dipanggawe wong.
  • pipi kiwo, arep lara.
  • irung sisih tengen, arep oleh arta halal.
  • irung sisih kiwo, arep ketemu kekasihe.
  • lambe tengen duwur, arep oleh pangan.
  • lambe tengen ngisor arep kepenak awake.
  • lambe kiwo nduwur, arep rarasan karo sanake.
  • lambe kiwo ngisor, arep oleh gawean becik.
  • tengah lambe nduwur, arep tukaran.
  • tengah lambe ngisor, arep mangan enak.
  • kuping tengen, arep ketemu sanake.
  • kuping kiwo, arep nemu ujar becik.
  • janggut tengen, arep dimumule wong agung.
  • janggut kiwo, arep ketemu wong agung diparingi gawean.
  • gulu tengen, arep lara epeh.
  • gulu kiwo, arep lara,nanging gelis waras.
  • pundak tengen, krabate nemu lara.
  • pundak kiwo, arep dimumule wong wadon.
  • pundak kiwo tengen, arep lara.
  • bau tengen, arep tukaran.
  • bau kiwo, arep lara.
  • geger tengen, ana wong utang duwit.
  • ulo2, arep lara/susah.
  • geger kiwo, arep nemu kabejan.
  • dada tengen, arep ketemu kekasihe.
  • dada kiwo, arep weruh wanita ayu banget.
  • dada ing tengah, arep oleh kabejan.
  • susu tengen, arep oleh arta.
  • susu kiwo, arep ketekan mantri.
  • weteng tengen, arep oleh rejeki akeh.
  • weteng kiwo, arep oleh arta akeh.
  • Puser (wudel), arep oleh kanugrahaning Allah.
  • kekempong kiwo, arep duwe anak.
  • kekempong tengen arep oleh wanita.
  • atine, arep oleh arta.
  • tangane tengen utawa kiwo, arep oleh arta.
  • epek2 tengen, arep oleh arta.
  • epek2 kiwo, arep oleh babathen saka dol tinuku.
  • lengen tengen, arep oleh rejeki.
  • lengen kiwo, arep oleh arta.
  • sikut tengen, atine nemu ora kepenak.
  • sikut kiwo, arep oleh duduka.
  • driji manis tangan tengen, arep oleh arta.
  • driji manis tangan kiwo, arep oleh wanita.
  • jenthik tangan tengen, arep dipupu wong.
  • jenthik tangan kiwo, karep tinampan dening wong.
  • selaning driji tangan tengen, arep oleh seneng.
  • selaning driji tangan kiwo, arep kinasihan wong gede.
  • jempol tangan tengen, arep oleh bojo becik.
  • jempol tangan kiwo, arep oleh jodo.
  • panuding tangan kiwo, arep kawirangan.
  • panuding tangan tengen, arep oleh pagaweyan.
  • panunggul tangan tengen, arep lara.
  • panungul tangan kiwo, arep susah.
  • lambung tengen, arep nemu susah.
  • lambung kiwo, arep muring".
  • bangkekan tengen, arep oleh kabecikan.
  • bangkekan kiwo, arep dhuweni asih marang wong liya.
  • purus kiwo, arep jimak.
  • purus tengen, arep dadi pangulu.
  • bokong tengen, arep ana wong teka.
  • bokong kiwo, sihing Allah arep teka.
  • yen kang keduten wanita,
  • bokonge tengen/kiwo wanita arep oleh bojo.
  • pupu tengen, arep lumaku /tetemon karo wadon.
  • pupu kiwo, arep ono wong kang gawa warta. yen lara, ana wong kang gawa tombo.
  • cingklok tengen, arep dimumule wong.
  • cingklok kiwo, arep oleh arta.
  • wentis tengen, arep tukaran.
  • wentis kiwo, arep ketemu sanake.
  • gares tengen, arep lelungan.
  • gares kiwo, arep diundang wong.
  • dlamakan tengen, arep nemu serik.
  • dlamakan kiwo, arep lelungan adoh.
  • sela selaning driji sikil tengen, arep oleh gawe.
  • sela selaning driji sikil kiwo, arep oleh jodho.
  • sikil tengen/kiwo, arep oleh arta,utawa karawuhan priyayi.
  • dzakar/farjine, duwe karep ora biso kawetu.
  • dubur, nemu lara.
  • gorokan tengen, arep nemu bebaya.
  • gorokan kiwo, arep nemu kasusahan gedhe.
  • githok tengen, arep nemu untung.
  • githok kiwo, arep weweh.
  • pagelangan tangan kiwo, arep kinasihan wong agung.
  • pagelangan tangan tengen, arep oleh wahyu becik

Menika Lur... Yen pracaya sumangga, ora pracaya ya ora apa-apa. Amarga akudhewe ya ora pracaya, apa maneh yen sasmitane kuwi ala..
Sing wigati urip iku kudu tansah eling lawan waspada, suwun....

29 Jan 2018

PIWULANG ASTHABRATA


Werdine Piwulang Asthabrata

    Satemene wejangan utawa piwulange  Rama marang Gunawan Wibisana iku rupa-rupa. Antarane bab-bab kang ana gepok senggole karo pamrentahan, ulahpraja, ngenani kewajibane para panggedhe, para warga paprentahan, bab pidana, lan paturan, lan liya-liyane. Dene wejangan kang disebut Asthabrata kuwi mligi wejangan bab paprentahan nagara wae.
    Tembung  Asthabrata mono ateges laku kang wolu. Cacah kang wolu iku miturut anane dewa kang wolu kabeh kang duweni sesipatan dhewe-dhewe kang patut dadi patuladhan para kang ngasta pusaraning praja. Dewa wolu mau yaiku: Bathara Endra, Bathara Surya, Bathara Bayu, Bathara Kuwera, Bathara Baruna, Bathara Yama, Bathara Candhra, lan Bathara Brama.

            Wondene sesipatan wolu miturut para dewa mau karingkes ing ngisor iki.

a.       Bathara Endra
 









Mengku pralambang ngalam donya iku kaya dene bumi utawa lemah. Bumi iku mau padha dene badane manungsa. Lakune badan mau kudu duweni sesipatan rila, legawa anoraga.


b.      Bathara Surya  
 


                         





Mengku pralambang yen urip ing ngalam donya iku kaya dene srengenge. Srengenge iku mujudake angen-angene manungsa, ateges manungsa kudu bisa lumebu ing gapurane kawruh, kudu bisa lumintu kaya sunare sang surya.


c.       Bathara Bayu


Iku pralambange napasing manungsa. Napas mono kudu tansah bisa dadi  talining ngauriplan bisa ngukuhake kanggo nandukake pakarti sumujud ing Pangeran kang Murbeng Titah, Gusti Allah.



d.      Bathara Kuwera
 








Nglambangake yen ngalam donya iku mendgung. Iku minangka pasemon mbunganmanungsa kang olah praja kudu bisa gawe katentreman lan kabegjan. Mau kabeh dumunung ing pangrasa.


e.       Bathara Baruna





Ngalam donya iku dilambangake banyu. Banyu iku kaya dene wicarane manungsa, pagunemane manungsa. Mula manungsa kudu bisa migunakake tetembungan kang ngenaki atining liyan lan migunani kanggo sadengah wong kang ngrungokake.


f.       Bathara Yama








Iku nglambangake yen ngalam donya kaya dene lintang. Lintang iku pasemon karsa utawa derengeng kekarepan. Karsa kudu bisa diereh, dikandhani murih bisane tumindak kang pratitis.

g.      Bathara Candra
 





Nyemoni sipate kasucening ati kaya dene sunaring rembulan, resik lan sumringah. Sunar rembulan kang resik gemrining iku sanajan katutupan mesthi yen wis pulih banjur pulih resik maneh. Semono uga ati kang suci.


h.      Bathara Brama 






Brama iki werdine geni. Geni minangka pasemon tumrap napsune manungsa. Napsu ana werna loro, kang utama lan kang ala. Geni yen kegedhen urupe dadi bebaya, semono uga napsu kang ora bisa diereh, kang kegedhen, bisa nuwuhake kacilakan tumrap manungsa liyane sapadha-padha.


     Sesipatan kang wolu-wolune mau kudu kanthi laras dipatrapake tumrap sing sapa wae tinanggenah ngasta pusaraning nagara. Ananing sipat kang kaya ngono kuwi kabeh uga patut diugemi rakyat kang diprentah, yen mengkono tundhone bebrayan bakal bisa ayem tentrem, sadhengah gegayuhan mesthi bakal klakon.



SESORAH BAB BIRRUL WALIDAINI (MITUHU DHUMATENG TIYANG SEPUH)


SESORAH
MITUHU DHUMATENG TIYANG SEPUH
( BIRRUL WALIDAINI )

Dening : Dwi Fitri Paramita, S.Pd.
GURU SMP N 3 REMBANG

Assalammualaikum wr.wb.
Sugeng enjing.
Ingkang kinurmatan bapa ibu para pambiji ingkang minulya, ingkang kinabekten bapa ibu dwija sutresna, ingkang kula asihi para kanca pandherek lomba sesorah. Ugi boten kesupen ingkang kula para  rawuh sedaya ingkang saestu satuhu kinormatan.
Sepisan, sumangga kula lan panjenengan sedaya ngonjukaken raos  sukur ing ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun ngesokaken rohmat lan kanikmatan arupi kebagas warasan. Ugu kanikmatan arupi kalodhangan, saengga kula lan panjenengan saget angombyongi adicara lomba sesorah punika.
Ingkang angka kalih kaaturaken gunging panuwun dhumateng bapa ibu dwija ingkang sampun nggladhi kula sakanca saengga kanthi tatag, teteg, tutug kula saged jumeneng saprelu ngaturaken sesorah ing ngarsa pnajenengan.

Bapa ibu para pambiji saha para rawuh ingkang minulya, ing kalodhangan menika kula badhe angandharaken sesorah babagan wigatinipun mituhu dhumateng tiyang sepuh.
Para rawuh, minangka tiyang jawi kita sampun nate midhanget unen unen “Mikul dhuwur mendhem jero” ingkang tegesipun kita minangka putra putri kedah sged njungjung drajadipun tiyang sepuh. Kenging menapa kedah mekaten? Amargi tiyang sepuh menika ingkang nyithak jira raga kula lan para kanca sedaya. Amargi saking kringetipun tiyang sepuh kula sakanca saged ngraosaken kamulyan ing alam donya menika. Wiwit saking alam kandhungan, ibu tansah paring asih tresna. Wekdal babaran, ibu saestu toh nyawa mbelani pati kangge putra ingkang kaandhut. Nalika mijil, bayi abrit boten saged menapa – menapa nggih dipun upakara kanthi raos welas, asih, lan eklas. Ibu nembe dhahar, ndilalah ingkang bayi bebucal, nggih lajeng ngresiki, nggantosi popok tanpa raos jijik utawo nggilani. Menika awit saking raos tresna saking lair trusing batin ibu kita. Cobi dipunbayangaken, badhe dados menapa menawi bayi abang menika boten dipunramut dening ibu? Tamtu mrihatosaken. Dereng malih, ASI , Air Susu Ibu minangka satunggaling tetedhan bayi. Boten wonten ingkang saged ngalahaken ginanipun ASI, sanajan kathah susu formula ingkang awis reginipun. Saking ASI kita saged bagas, waras, tuwuh dados lare ingkang lantip lan trampil.
Pramila wonten cariyos saking kanca kenthelipun Nabi ingkang tangklet
“Nabi, sinten ingkang kedah kita kurmati ?” Nabi pating wangsulan “Ibu”. Pitakenan menika dipunambali kaping tiga, lan Nabi paring wangsulan ingkang tansah sami “Ibu, ibu, lan ibu”. Menika terang trawaca bilih tiyang sepuh, utaminipun ibu kedah dipunkurmati`
Wonten ing salah satunggaling hadist kababar :


Tegesipun : Swarga menika panggenanipun inggih wonten tapak sukunipun Ibu. Ingkang ngemu teges bilih panjenengan lan sami menika sageda nemu kabejan donya kahirat kanthi cara mituhu dhumateng ibu. Ampun matur awon dhumateng ibu, ampun tumindak candhala dhumateng ibu, ugi tansah matur “inggih” nalika ibu paring parentah. Sanpun kathah tuladha bilih wantun kaliyan ibu menika ndugekaken kacilakan tumprap putra, kadosta cariyos Malin Kundang. Pramila sumangga para kanca kita tansah bekti dhumateng ibu. Ampun damel runtiking penggalihipun ibu.

Para rawuh ingkang satuhu kinabekten, Ibu pancen kedah kita agulaken. Ananging boten ateges bapak boten kedah kita mituhuni. Bapak ugi kalebet pahlawan kangge kula lan sakanca sedaya. Bapak minangka pandheganing kulawarga, kanthi eklas ngurbanaken sedaya kekiayanipun pados maisah kangge putra putrinipun. Saben dinten nyambut damel, adus kringet, benter asrep boten dipunraosaken kangge ngragadi sedaya kabetahan kulawarga.
Bapa, Ibu.... Kekalih menika kadosta pusaka ingkang kedah kita agulaken. Mbenjing menawi bapa ibu sampun sepuh, mangga kula sakanca kersaa paring tresna asih dhumateng tiyang sepuh.
Kita minangka putra kinasih ampun sepisan pisan anggadhahi niyat kangge males kabecikanipun tiyang sepu. Amargi sedaya ingkang sampun tiyang sepuh kurbanaken menika estu boten saged dipunwales ngangge badha arupi menapa kemawon. Sumangga kita Bekti dhumateng tiyang sepuh, ngramut tiyang sepuh nalika sampun ayuswa kita niyati minangka kuwajibanipun para putra.

Sumangga kita niyati bhekti kangge tiyang sepuh kerana Allah, kerana pengin nggayuh swarganipun Allah. Kerana kepengin nglebetaken dhiri pribadi, lan tiyang sepuh ing swarganipun Allah. Amargi donga lare sholeh – sholehah menika dados amal jariyah kangge bapa ibu kita.

BIRRUL WALIDAINI, mituhu dhumateng tiyang sepuh kekalih minangka andha saged minggah lan nggayuh swarga sesarengan kalih tiyang sepuh.

Matur nuwun, cekap semanten atur kula.

Tresna kula kangge bapa ibu
Angluwihi wiyaripun seganten
Menawi kula nggadhahi klentu
Nyuwun agunging pangapunten

Sugeng enjang
Wassalammualaikum wr. Wb.

TEKS CARIYOS RIWAYAT GESANGIPUN RA. KARTINI





RIWAYAT GESANGIPUN
R.A. KARTINI


kartini 1






Karacik dening :
DWI FITRI PARAMITA
SMP NEGERI 3 REMBANG

TAHUN 2017







Assalamu ‘alaikum Warohmatullahi Wabarakatuh

Sugeng siyang bapa/ibu pambiji ingkang kinurmatan, bapa ibu dwija basa jawi, para kanca pandherek lomba, saha para pamiyarsa ingkang minulya ing budi.
Ing wekdal menika kula badhe ngandharaken riwayat gesangipun pahlawan putri ingkang kawentar saking tlatah Rembang. Inggih menika Raden Ajeng Kartini.
Bapa ibu saha para kanca, pinten – pinten dinten kepengker, rikala lumebet ing sasi April, angen – angen kula tumlawung ing salah satunggaling paraga wanita, Raden Ajeng Kartini. Kula lan panjengan tamtu mangertos, bilih Raden Ajeng Kartini sampun dados ikonemansipasi. Pramila, awit saking agengipun lelabetanipun, kula lan panjenengan langkung – langkung generasi saking Rembang kedah nuladha laku utaminipun Raden Ajeng Kartini
Raden Ajeng Kartini, miyos wonten ing Mayong, Jepara, 21 April 1879. Ingkang rama asma Adipati Ario Sosroningrat ingkang kajibah minangka Wedana Mayong.  Dene ingkang ibu inggih menika Mas Ajeng Ngasirah, garwa nomer 4 saking ingkang rama. Rikala jaman semanten, Kolonial Walandi, nggadhahi tatanan bilih menawi badhe dados Bupati kedah kagungan garwa saking keturunan ningrat utawi bangsawan. Pramila, ingkang rama lajeng dhaup malih kaliyan Raden Ajeng Wurjan keturunan saking Raja Madura.
Kartini, panjenenganipun putri angka 5 saking 11 sedherek nunggal rama, benten ibu. Tuwuh lan diwasa ing kulawarga ningrat ingkang terpelajar saha berpendhidhikan, ndadosaken Kartini lantip saha kritis anggenipun menggalih. Piyambakipun kaparingan kalodhangan sekolah wonten Europese Lagere School utawi ELS. Wonten ing pawiyatan menika, Kartini nggladhi bab maos, nyerat, ngitung, lan ugi nggladhi basa Walandi. Awit saking raos ngelak babagan ngelmu, Kartini tansah sinau pyambak. Wonten ing dalem Kartini boten nate uwal saking maos buku, koran lan kalawarti Eropa. Kartini ugi kagungan kanca ingkang sesambetan lumantar layang utawi “sahabat pena” saking nagari Walandi, ingkang asma Rosa Abendanon.Angancik yuswa 12,5 taun, Kartini kedah mandheg anggenipun ngangsu kawruh wonten pawiyatan. Minangka jejeripun tiyang Jawi ingkang nggegem kiyat adat, piyambakipun kedah laku pingit, boten angsal medal.
Ananging, sinaosa dipunpingit, mboten ndadosaken Kartini cuwa lan susut gregetipun. Kanthi pambiyantu sedherekipun, Kartini sinau wonten dalem kanthi maos buku abasa Walandi. Pinten – pinten buku menika antawisipun ingkang dipunrakit dening Multatuli, Louis Coperus, Berta Von Suttner lan sanesipun. Sedaya buku menika ngobong semangatipun Kartini kangge mbrastha cubluking kawruh.
Ing babagan agami, Kartini paring panyaruwe dhumaten Kyai Sholeh Dharat, saengga Kyai Sholeh Darat kasil damel tafsir lan terjemahan Al Quran mawi basa Jawi kanthi ancas kaum muslimin saking tlatah Jawi saged nyinau agami kanthi ngelmu ingkang trep. Menika nelahaken bilih Kartini boten namung pahlawan kangge wanita, ananging ugi pahlawan tumraping kaum muslimin lan muslimah.
Para rawuh ingkang sutresna, ngancik yuswa 24 taun, RA Kartini dipunsuwun dening Bupati Rembang supados kersa dados garwanipun. Piyambakipun dipunlamar. Kartini kersa, ananging wonten pinten – pinten bebana, ing antawisipun: 1. Bupati Rembang kedah nyarujuki panyaruwe Raden Ajeng Kartini. 2. Nyuwun dipunidi pangestu mbikak pawiyatan kangge putra – putri para pangarsa tlatah Rembang, 3. Pikantuk angajak ahli ukir saking Jepara kangge ngrembakakaken kerajinan kayu ing tlatah Rembang. Ing wasana, panyaruwe Raden Ajeng Kartini dipunsarujuki dening Sang Bupati, Amargi sang Bupati Rembang menika kagungan penggalih bilih Bupati menika abdinipun rakyat, boten rajanipun rakyat.
Pramila, rikala surya kaping 8 wulan November taun 1903, tabuh 17.30 sonten mapan ing Pendhapa Jepara, Kartini dipunpalakrami dening Bupati Rembang Raden Adipati Djojoadiningrat. Adicara dhaup plakrami kalampahan kanthi prasaja, Kartini boten kersa dipunpaes pasuryanipun, boten kersa ngagem mas – masan, piyambakipun namung kersa ngagem reroncen sekar melathi kekaremanipun. Ugi, piyambakipun boten kersa laku dhodhok, ngaras jengku saha samparanipun ingkang garwa.
Tigang dinten candhakipun, 11 November  1903 Kartini dipunboyong wonten Rembang. Rikala dumugi tlatah Rembang, rawuhipun Kartini dipun kanthi dening sorak gumbira warga Rembang. Gamelan Jawi, iringan Cina angumandhang ing pesta mangayubagya rawuhipun Raden Ajeng Kartini.
Tanggal 13 September 1904 Raden Ajeng Kartini mijilaken ingkang putra ingkang asma Soesalit. Mbok menawi sampun dados titahing Pangeran ingkang Akarya jagad, sekawan dinten sasampunipun babaran inggih menika tanggal 17 September 1904, Raden Ajeng Kartini tinimbalan ing ngarsanipun Allah ing yuswa 25 taun.

Sinaosa boten dangu anggenipun menjuangaken nasibipun tiyang estri, ananging ombyaking semangat emansipasi tasih keraos dumugi sakmenika. Tiyang estri kathah ingkang sukses ing babagan karier, ugi kathah ingkang sukses nglantaraken putra putrinipun dados jalma utama. Tiyang putri menika dados ujung tombaking majengipun bangsa, amargi ingkang nggulawenthah generasi mudha menika tiyang putri. Menawi tiyang putri cubluk, badhe dados menapa generasi penerus bangsa samangke?

Pramila, sumangga kula lan panjenengan sami minangka generasi penerus sami nglajengaken lelabetanipun Raden Ajeng Kartini.

Nuwun....

Wassalammualaikum warohmatullahi wabarakatuh.













DAFTAR PUSTAKA

Tashadi. 1986. RA Kartini. Departemen Pendidikan dan Kebudayaan ; 1986.
Toer, Pramoedya Ananta. 2003. Panggil Aku Kartini Saja. Lentera Dipantara; Jakarta.
Winarno, Edi. 2014. Menguak Jejak Sejarah Kartini di Kabupaten Rembang ; Rembang




MAKALAH BEDAH TEMBANG POCUNG SERAT WEDATAMA

BAB I

PURWAKA


Kabudayan ing satunggaling bangsa ngoyot saking kabudayan ingkang dipunkasilaken dening leluhuripun. Kabudayan sejatosipun wujud saking satunggaling kompleks gagasan, nilai, norma-norma, lan tatanan. Pramila, ing sajroning kabudayan ngandut tatanan ingkang saged dipundadosaken cepengan ing tata uriping manungsa. Wujud kabudayan minangka komplek gagasan, nilai, norma, lantatananmenika dados bahan penelitian para ahli kasusastran, amargi kompleks gagasan, nilai, norma-norma, saha tatanan menika kaamot ing sajroning karya sastra.
Karya sastra ing tlatah Jawi dipunginakaken kangge sarana nyebaraken pesen lan ajaran ingkang migunani ing ngaurip. Salah satunggaling karya sastra Jawi wonten ingkang awujud serat. Ing sajroning Serat kaamot ajaran lan pesen ingkang dipun tujuaken kangge para pamaos, mliginipun para mudha supados para mudha menika nggadhahi watak ingkang luhur. Kadosta serat Wedhatama ingkang kaanggit dening Mendiang Sri Mangkunagoro VI ing Surakarta. Serat Wedhatama menika nggadhahi ancas supadosa para generasi mudha ing Kraton Surakarta saged nyerep ajaran ingkang wonten ing sajroning serat menika. Ananging kanthi lampahing jaman, isi lan ajaran saking Serat Wedhatama menika mumpangati kangge sinten kemawon, ugi seged dipunginakaken ngantos wekdal ingkang boten winates. Pramila, boten nggumunaken bilih kathah tiyang ingkang remen kaliyan Serat Wedhatama, mliginipun masyarakat Jawi. Serat menika ugi dipunremeni dening bangsa manca kadosta: Amerika lan Australia.
Wedharan ing nginggil menika nglatari peneliti mbedhah babagan ajaran pendidikan moral ingkang wonten ing sajroning Serat Wedhatama. Pendidikan moral ingkang badhe dipunbedhah inggih menika pendidikan moral ing sajroning pupuh Pocung. Pocung sejatosipun saking tembung pocong. Teges simbolisipun inggih menika manungsa ingkang sampun dumugi ing pucuk, kathah pesen lan ajaran ingkang kaamot ing pupuh Pocung menika ingkang saged dipunginaaken minangka sangu saderengipun pejah (dipocong).














BAB II

GEGARAN TEORI


A.    Nilai
Nilai miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia anggitanipun Poerwadarminta (1990:756) inggih menika sipat utawi sawetawis ingkang wigati utawi migunani kangge kamanungsan. Sejatosipun, nilai menika samubarang ingkang dados sebab menapa menungsa tansah ngupadaya prekawis kangge nginggilaken kwalitasipun manungsa piyambak.

B.     Pendidikan
Pendidikan inggih menika upadaya manungsa ingkang terorganisir lan tinata supados saged ngrembakakaken potensinipun, potensi fisik, emosi, tata laku, moral, pengetahuan, lan ketrampilan ing pangajab ndadosaken manungsa dewasa ingkang mangertosi hak lan kewajibanipun, saengga saged mbangun dhiri pribadi, kulawarga, sarta masyarakat.
Miturut Syam (1987:2) pendidikan saged dipuntegesi minangka upadaya manungsa supados nggadhahi  kapribaden ingkang cocog kaliyan nilai ing sajroning masyrakat lan kabudayan. Pendidikan boten namung saking lembaga formal kemawon, ananging pendidikan ugi saged kalampah ing sajroning lingkungan masyarakat lan kulawarga. Pendidikan ingkang kados menika boten kaiket wekdal, tegesipun kapan lan wonten pundi kemawon pendidikan saged kalampahan. Wedharan ing nginggil menika dipun wastani Pendidikan Sepanjang Hayat (Long Life Education).
Pendidikan ingkang kaamot ing sajroning karya sastra kelabat Pendidikan Sepanjang Hayat, amargi saged kalangsungaken kapan kemawon lan wonten pudi kemawon.

C.     Moral
Moral miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia (1990:665) inggih menika ajaran babagan samubarang ingkang sae lan awon ingkang saged dipuntampi masyarakat umum ingkang ginayur kaliyan tata laku, tata krama, kewajiban, akhlak, budi pakarti, lan tata susila. Moral ugi dipunsebat ajaran babagan sawetawis ingkang sae utawi awon ingkang saged dipundadosaken cepenganing ngaurip manungsa utawi masyarakat.

D.    Pendidikan Moral
Pendidikan moral inggih menika upadaya nylarasaken nilai moral lan spiritual ingkang dipun betahaken manungsa supados saged milih kanthi wicaksana samubarang ingkang sae lan ingkang awon kangge tuntunan tata laku ing ngalam donya ingkang ruwet menika.
Dados, nilai pendidikan moral saged dipunwastani minangka ajaran ingkang dipunturunaken dhumateng tiyang supados saged milih kanthi wicaksana prekawis ingkang sae utawi ingkang awon kangge cepengan gesang ing alam donya.

E.     Pocung
Pocung tegesipun menawi tiyang sampun seda menika dipunpocong utawi diwungkus kados pocongan, pramila wonten : (a) pocong tunjung seta, dipunparingi tunjung (sekar) awarni pethak lan dipunwungkus kaliyan kain pethak, pangajabipun supados antuk kasucen, wonten ugi (b) pocong madusita, sita tegesipun pethak lan madu tegesipun manis. Ing pangajab dosanipun kalis lan antuk panggenan ingkang sae. (Suwardi, 1999:32)
Pocong menika nggandhahi teges bilih manungsa sampun puput anggenipun urip ing alam donya, sampun dugi ing titi mangsanipun. Pramila saderengipun puput yuswa, manungsa kedah nggadhahi sangu kangge ngadhep Gusti Allah. Sangu ing dinten akhir menika dipunangsal saking gesang ing alam nyata, lan gesang ing alam nyata menika kedah wonten cepenganipun, pramila nilai moral minangka cepengan gesang ugi kedah diunkuwataken.

F.      Wedhatama
Wedhatama rinonce saking kalih tembung, inggih menika wedha lan utama. Wedha saking basa Sansekerta tegesipun kawruh, (ilmu) pengetahuan (Mardiwarsita, 1979:670). Utama saking basa Sansekerta, miturut Baoesastra Djawa (1937:447) tegesipun becik utawi linuwih. Dados, Wedhatama tegesipun kawuh kangge nggayuh watak utawi budi ingkang luhur/sae kangge satunggaling manungsa.

BAB III

ASILING PANALITEN SAHA PANGREMBAGIPUN


Serat Wedhatama menika kaanggit dening Mendiang Sri Mangkunagoro IV Surakarta ingkang nggadhahi nama jangkep Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ario Mangkunagoro IV.
Aslinipun, naskah Wedhatama menika awujud puisi (tembang) ingkang cacah 100 (setunggalatus) pada, rantamaninipun inggih menika: pupuh Pangkur 14 pada, pupuh Sinom 18 pada, pupuh Pocung 15 pada, pupuh Gambuh 35 pada, lan pupuh Kinanthi 18 pada.
Serat Wedhatama ngandut ajaran-ajaran utawi tuntunan ngaurip ingkang kathah sanget. Salah satunggaling ajaran ingkang kaamot ing sajroning Serat Wedhatama inggih menika ajaran moral. Pramila ing ngandhap menika kawedharaken nilai pendidikan moral menapa kemawon ingkang wonten ing sajroning Serat Wedhatama, mliginipun nilai pendidikan moral ing sajroning pupuh Pocung, Serat Wedhatama.
Ing ngandhap menika teks pupuh Pocung lan terjemahanipun:

No. pada
Teks asli
Terjemahan bebas
1.
Ngelmu iku,
Kalakone kanthi laku,
Lekase lawan kas,
Tegese kas nyantosani,
Setya budya pengekese dur angkara.
Ngelmu menika saged kawujud menawi dipunlampahi. Dipunwiwiti kanthi niyat, niyat menika ingkang ndadosaken sentosa. Budi ingkang setya saged nggempur nafsu angkara.
2.
Angkara gung,
Neng angga anggung gumulung,
Gegolonganira,
Triloka lekere kongsi,
Yen den umbar ambabar dadi rubeda.
Nafsu angkara ingkang ageng ing sajroning dhiri tansah makempal kaliyan klompok nafsu. Ngantos anggubet tigang donya. Menawi dipunkedelaken, saged ngrembaka dados mbebayani.
3.
Beda lamun,
Kang wus sengsem reh ngasamun,
Semune ngaksama,
Sasamane bangsa sisip,
Sarwa sareh saking mardi martatama.
Benten kaliyan ingkang sampun sengsem ing rokhaniah. Tansah paring pangapura ing sedaya kalepatan. Sabar amargi ngupadaya budhi ingkang utama.
4.
Taman limut,
Durgameng tyas kang weh limput,
Kerem ing karamat,
Karana karoban ing sih,
Sihing sukma ngrebda saardi gengira.
Ing kahanan sepen, manah ingkang boten sae ngrembaka. Ndadosaken kerem kasebabaken rahmat, amargi dipunkuwasani dening tresna asih. Tresna asihing manah ngrembaka sagunung agengipun.
5.
Yeku patut,
Tinulad tulad tinurut,
Sapituduhira,
Aja kaya jaman mangkin,
Ken pramudha mundhi dhiri rapal makna.
Sakmenika ingkang pantes dipuntuladha lan dipunturut. Ampun kados jaman sakniki, kathah para mudha ingkang ngagungaken donga mantra.
6.
Durung pecus,
Kesusu kaselak besus,
Amaknani rapal
Kaya sayid weton Mesir,
Pendhak-pendhak angendhak gunaning janma.
Dereng pinter ananging kesesa kepengin anggak. Nerangaken donga, kados turunan Nabi saking Mesir. Asring ngandhapaken kapinteran tiyang sanes.
7.
Kang kadyeku,
Kalebu wong ngaku-aku,
Akale alangka,
Elok Jawane denmohi,
Paksa langkah ngangkah met kawruh ing Mekah.
Ingkang kados menika, kalebet tiyang ingkang ngaku-aku. Pandangonipun boten saged dipuntampi akal. Aeng, boten remen nJawani. Meksa dhiri pados kaeruh ing Mekah.
8.
Nora weruh,
Rosing rasa kang rinuruh,
Lumeketing angga,
Anggere padha marsudi,
Kana kene kaanane nora beda.
Boten mangertos thelengeing samubarang ingkang dipunpadosi. Kelet ing badanipun piyambak. Menawi sedaya kersa ikhtiyar, ing pundi kemawon kahanan boten benten.
9.
Uger lugu,
Den ta mrih pralebdeng kalbu,
Yen kabul kabuka,
Ing drajad kajating urip,
Kaya kang wus winahya sekar srinata
Menawi temenan anggenipun ningkataken pikiran, yen ta kinabul kabuka ing sajroning derajat (tingkat) kepenginan gesang. Kados ingkang sampun kasebat.
10.
Basa ngelmu,
Mupakate lan panemu,
Pasahe lan tapa,
Yen satriya tanah Jawi,
Kuna kuna kang ginilut tripakara.
Ingkang dipunwastani ngelmu cocogipun kaliyan pamanggih (logika). Kasilipun kanthi tapa. Kangge satriya Jawi jaman rumiyin, ingkang dados tuntunan tigang perkawis.
11.
Lila lamun,
Kelangan nora gegetun,
Trima yen ketaman,
Sakserik semeng dumadi,
Tri legawa nelangsa srah ing Bathara.
Lila menawi kelangan, boten gela. Narima (sabar) menawi dipunpilara tiyang sanes. Tiga: ikhlas, srah ing Gusti.
12.
Bathara Gung,
Inguger graning jajantung,
Jenek hyang wisesa,
Sana pasenedan suci,
Nora kaya si mudha mudhar angkara.
Ingkang Maha Agung dipunpanggnaken ing thelenging manah. Ingkang Maha Kuwaos kerasan ing panggen ingkang suci. Boten kados pratingkahipun tiyang mudha ingkang nuruti angkara.
13.
Nora uwus,
Kareme anguwus uwus,
Uwose tan ana,
Mung janjine muring-muring,
Kaya buta buteng betah nganiaya.
Boten kendhat, remen anggenipun nyacad. Tanpa isi, namung waton duka kemawon. Kados raseksa, gampil duka lan nganiaya.
14.
Sakeh luput,
Ing angga tansah linimput,
Linimpet ing sabda,
Larka tan ana udani,
Lumuh ana ardane ginawa gada.
Sedaya kalepatan ing badan dipuntutupi. Dipunwalik, dipunanggep boten wonten ingkang mangertos. Boten purun dipunsebat awon/klentu, sifat angkaranipun dados gaman.
15.
Durung punjul,
Ing kawruh kaselak jujul,
Kaseselan hawa,
Cupet kapepetan pamrih,
Tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa.
Dereng pinter ing ngelmu, ananging kesesa dipunwastani wasis. Dipunkancani dening nepsu. Ngelmunipun ngurang, amargi kalingan dening pamrihipun. Boten saged nyaket ing Gusti.

Nilai-nilai pendidikan moral ingkang kaamot ing pupuh Pocung Serat Wedhatama inggih menika:
1.      Sedaya prekawis kedah dipunwiwiti kanthi niyat sae.
Indikator :            ….., Lekase lawan kas, Tegese kas nyantosani, Setya budya pengekese dur angkara (pada 1)
Tembung kas ing pada setunggal menika tegesipun niyat. Dados, sedaya tumindak menapa kemawon kedahipun dipun wiwiti kanthi niyat ingkang sae supados kasil kanthi sentosa. Niyat ingkang sae menika uga saged nggempur nafsu angkara

2.      Supadosa dados tiyang ingkang cedhak maring Gusti.
Indikator : ….., Kang wus sengsem reh ngasamun, Semune ngaksama, Sasamane bangsa sisip, Sarwa sareh saking mardi martatama.(pada 3)
……, Aja kaya jaman mangkin, Ken pramudha mundhi dhiri rapal makna.
(pada 5)
……, Sana pasenedan suci,Nora kaya si mudha mudhar angkara.(pada 12)
Wedharan ing nginggil nggadhahi teges bilih manungsa kedah cerak maring gusti, amargi kanthi eling maring Gusti, kita saged dados manunsa ingkang jembar pangapuranipu, sabar, lan nggadhahi budi utama.

3.      Tresna asih ngalahaken tata laku awon.
Indikator : Taman limut, Durgameng tyas kang weh limput, Kerem ing karamat, Karana karoban ing sih, Sihing sukma ngrebda saardi gengira.(pada 4)
Wedharan ing nginggil tegesipun bilih tresna asih ndadosaken manah kebak ing rahmat.

4.      Supados boten dados tiyang ingkang anggak lan sok pinter.
Indikator : Durung pecus, Kesusu kaselak besus, Amaknani rapal, Kaya sayid weton Mesir, …….. (pada 6)
Kang kadyeku, Kalebu wong ngaku-aku, Akale alangka, Elok ……. (pada 7)
Nora uwus, Kareme anguwus uwus, Uwose tan ana, Mung …... (pada 13)
……, Larka tan ana udani, Lumuh ana ardane ginawa gada. (pada 14)
Durung punjul, Ing kawruh kaselak jujul, Kaseselan hawa, ……. (pada 15)
Tegesipun bilih sipat anggak lan sok pinter menika boten sa. Kedahipun kita nggadhahi sipat rundhukking pari, inggih menika pinter ananging ngandhapaken dhiri (boten anggak.

5.      Tuntunan supados kita tansah ikhtiar.
Indikator : …… Lumeketing angga, Anggere padha marsudi, Kana kene kaanane nora beda. (pada 8)
Uger lugu, Den ta mrih pralebdeng kalbu, Yen kabul kabuka, …….. (pada 9)
Tegesipun kita kedah tansah ikhtiar, amargi kanthi ikhtiar kita seged nggranggeh menapa kemawon ingkang dados pangajab kita.

6.      Tuntunan supados kita nglampahi laku prihatin.
Indikator : Basa ngelmu, Mupakate lan panemu, Pasahe lan tapa, Yen satriya tanah Jawi, …. (pada 10)
Tegesipun kita minangka tiyang gesang supadosa nglampahi laku prihatin kados para satriya. Aknthi laku prihaatin, kita saged nggayuh menapaa ingkang dados pangajab kita.

7.      Lila legawa dhumateng sedaya prekara ingkang nemahi
Indikator : Lila lamun, Kelangan nora gegetun, Trima yen ketaman, Sakserik semeng dumadi, Tri legawa nelangsa srah ing Bathara. (pada 11)
Tegesipun kita minangka titah sawantah namung nglampahi sedaya garis ingkang sampun ginarisaken dening Gusti, pramila kedah pasrah lan lila legawa dhumateng sedaya qodaripun Gusti.

8.      Sabar lan ikhlas menawi dipun pilara tiyang sanes.
Indikator : ……, Trima yen ketaman, Sakserik semeng dumadi, Tri legawa nelangsa srah ing Bathara. (pada 11)
…..., Uwose tan ana, Mung janjine muring-muring, Kaya buta buteng betah nganiaya. (pada 13)

Wedharan ing nginggil nerangaken bilih kita kedah sabar, lan lila menawi wonten tiyang ingkang damel boten keprananing manah kita. Ampun ngantos keraos serik.
      Nilai pendidikan moral ing nginggil menika nggadhahi ancas ing pangajab mugaa para generasi mudha nggadhahi watak ingkang sae. Nilai pendidikan moral ingkang kaamot ing sajroning pupuh Pocung Serat Wedhatama boten saged uwal saking tatanan sae lan awon, klentu lan leres. Amargi sejatosipun nilai pendidikan moral inggih menika cepengenipun tiyang gesang ing ngalam donya.




BAB IV

DUDUTAN



Karya sastra Jawi ingkang awujud Serat nggadhahi kathah ajaran ingkang mumpangati. Ugi Serat Wedhatama ingkang kaanggit dening K G P A A Mangkunegara IV saking Surakarta ngandut nilai pendidikan moral ingkang sae menawi dipundadosaken cepenganing gesang. Nilai pendidikan menika saged mbentuk watak manungsa Jawi ingkang abudi luhur saha asipat religius (manembah ing Gusti).
Ing pangajab mugaa nilai pendidikan moral ingkang kaamot ing sajroning pupuh Pocung Serat Wedhatama menika seged katrepaken ing masyarakat Jawi ing padinanipun.











KAPUSTAKAN


Any, Anjar. 1983. Menyingkap Serat Wedotomo. Semarang: Aneka Ilmu.
Hastuti, Tri. 1999. Nilai-Nilai Pendidikan Moral Dalam Cerita Pendek Rubrik Dongeng Nina Bobo Surat Kabar Suara Merdeka edisi tahun 1996. Tugas Akhir Skripsi. Yogyakarta: Jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Indonesia, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Yogyakarta.
Mangkunegara IV, K.G.P.A.A. 1979. Terjemahan Wedhatama. Jakarta: Pradnya Paramita.
Mardiwarsito, L. 1979. Kamus Jawa Kuno-Indonesia. Flores: Penerbit Nusa Indah.
Poerwadarminta, W J S. 1937. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B Wolters-Groningen.
Suwardi. 1999. Falsafah Hidup Jawa. Yogyakarta: Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Yogyakarta.
Syam, M. Noor Dkk. 1987. Pengantar Dasar-Dasar Kependidikan, Pengertian dan Hukum Dasar Pendidikan. Surabaya: Usaha Nasional.


  Modul 3.1.a.9 Koneksi Antar Materi: Pengambilan Keputusan Sebagai Pemimpin Pembelajaran Oleh : Dwi Fitri Paramita, S.Pd., M.Pd. Guru SMP N...