25 Apr 2018


DONGENG MAPAN TURU 
Nambah Raketing Katresnan Marang Putra


Dongeng Kancil 2: Slendhange Kanjeng Nabi Sulaiman
Sawuse ucul saka kurungane Pak Tani, sipat kuping anggone lumayu ngedohi omahe Pak Tani.  Bareng wis adoh, si Kancil nyuda playune, lumaku karo ngulur napase sing meh pedhot. Kejaba merga anggone lumayu, uga merga rasa wedine yen nganti kecekel maneh dening Pak Tani. “Kelakon dadi dhendheng, utawa abon, yen nganti ora bisa ngapusi si Kapri, kirike Pak Tani” ngono unine batine Kancil.
Sinambi lumaku alon, Kancil ngenam-nam pikire, kudu menyang ngendi anggone lumaku. Nedheng lumaku karo ngalamun, tratapan atine Kancil jalaran ing dalan sangarepe ana barang kang katon nglumbruk, bunder, warnane kaya jarik bathik.  Barang mau ngebaki dalan kang arep diliwati kancil. Ditamatake kanthi setiti, katon menawa barang mau ula sawa kembang kang gedhe banget. Arep dilumpati, samar yen ulane tangi banjur nyaplok si Kancil. Arep nyimpang, dalane rumpil. Yen arep bali, samar ketututan Pak Tani, utawa si Kapri kang wus kasil diapusi. Mula si Kancil mandheg, mikir kudu kepriye ngadhepi kahanan kuwi.
“Kecekel saiki. Kowe arep mlyau menyang ngendi, Cil?” mengkono bengoke Kapri karo nubruk awake Kancil saka buri. ‘Ora nyono, jebul omongamu kabeh goroh. Kowe ora adipek mantu karo Pak Tani, nanging arep dibelih kanggo lawuh. Mula ayo saiki kowe bali dak sowanake Pak Tani, supaya aku oleh bebungah pangan luwih enak tur akeh”
“Sssst……. aja bengak-bengok. Ngertiya, suwaramu ki elek banget, mengko mundhak aku didukani yen nganti barang sing dak tunggu iki rusak merga suwaramu”, ngono semaure Kancil karo aweh sasmita supaya Kapri ora kakehan polah.
“Ora, Cil. Awakmu ki oleh dhawuh saka sapa, kanggo nunggu apa?, si Kapri pitakon kepengin ngerti.
Ngene lho, Pri. Sauculku saka omahe Pak Tani mau aku kepethuk Kanjeng Nabi Sulaiman. Aku didukani merga wis ngrusak tandurane Pak Tani, lan ngapusi awakmu. Mula kanggo nebus dosa lan luputku mau, aku didhawuhi ndherek Kanjeng Nabi Sulaiman”, ngono apus kramane Kancil.
“Ah……. tenane Cil???…….. Lha, terus saiki Kanjeng Nabi Sulaiman ana ngendi?” Katon yen apus kramane Kancil wis ngena marang kapri.
“Kanjeng Nabi Sulaiman nembe siram ana kedhung sangisore wit nagasari. Mula saka iku aku didhawuhi supaya ana kene njaga slendhang bathik kagungane Kanjeng Nabi. Aku diwanti-wanti, sapa wae ora kena nyenggol slendhang bathik mau. Apa maneh nganti nganggo slendhang kuwi. Tohe guluku yen nganti dhawuh mau dak lirwakake” sambunge Kancil.
“Slendhang bathik?????. Endi, Cil? Mbok aku diwenehi weruh”, panguwuhe Kapri memelas kepingin ngerti.
“Prayogane aja, Pri.  Aku was sumelang, yen wis ngerti kowe mesthi banjur kepingin nganggo slendhang mau. Rak ya aku cilaka mengkone, Pri.”
‘Wis ta, Cil. Aku janji”, asu mau ngoyak penjaluke marang Kancil.
“Yen wis janji, awakmu weruh ana ngisore wit sukun ngarep kuwi? Ya, kuwi slendhange bathik Kanjeng Nabi Sulaiman. Kepriye, apik tenan, ta Pri????”
Wah, iya Cil. Saeba senenge atiku yen bisa nggawa slendhang kuwi bali, dak aturake marang Pak Tani. Bisa dienggo garwane Pak tani menawa jagong” celathune Kapri, si asu.
“Wah…… aja Pri. Apa kowe seneng yen nganti guluku pedhot kena pedhange Kanjeng Nabi Sulaiman?” Kancil ngomong api-api keweden.
“Pokoke aku meksa. Oleh ya dak ora oleh ya tetep dak gawa. Yen kowe ngalang-alangi, rawe-rawe rantas, malang-malag dak putung. Kowe arep apa, Cil?? ngono ancamane Kapri si asu.
“Kepriye ya, Pri. Aku wedi didukani”
“Watone awakmu enggal lunga ora usah ndherek Kanjeng Nabi Sulaiman, rak beresta Cil”
“Ya….. wis. yen ngono karepmu aku ora bisa ngalang-alangi. Mung wae, sadurunge kowe njupuk slendhang kuwi, supaya yen kaweruhan Kanjeng nabi Sulaiman sing kena duka awakmu thok, aku tak lunga dhisik. Mengko yen aku wis tekan sangosore wit aren kulon kahe. nembe slendhang kuwi jupuken. Wis ya, Pri. Sowang-sowang, muga-muga oleh slamet” ngucap ngono Kancil agahan lumaku mengulon. Atine Kancil gumuyu, merga bisa ngapusi si kapri maneh. “Rasakna, ngono kuwi entukane wong bodho ning serakah”, batine Kancil.
Salungane kancil, si Kapri nyedhaki barang sing jarene slendhang bathike Kanjeng Nabi Sulaiman mau. Ditamatake, bathikane pancen apik banget, katon yen regane larang. Sumurup kancil wis tekan sangisore wit aren, agahan Si Kapri grayah-grayah arep njupuk barang mau. Mesthi wae ula sawa gedhe sing maune turu iku kaget lan tangi saka turune. Weruh ana asu ing sangarep irunge, cepet thathit si ula mau nyahut awake si Kapri, diukel, lan sabanjure diuntal wutuhan.
kancil kang weruh kedadeyan mau ora tegel, mula enggal-enggal lumayu. Kejaba ora tegel, atine samar yen nganti ula mau durung wareg banjur ngoyak si Kancil. Mula saka iku, nganti adoh, si Kancil nembe nglempreh anggone lumayu jalaran wis kesel.

Dongeng Kancil 3: Gonge Nabi Sulaiman
Sawise kasil ngapusi Si Kapri, asune pak Tani sing bodho nanging srakah, Kancil lumaku alon mlebu alas kang rada rungkut, wit-witane gedhe-gedhe tur dhuwur. Jalaran kesel tur wetenge luwe, dadine si Kancil krasa lungkrah lan ngantuk. Mula saka iku, bareng kepethuk wit srikaya kang akeh wohe lan mateng-mateng, Kancil mandheg kepingin mangan woh srikaya mau. Ana sawetara srikaya mateng kang wis tumiba ana lemah, dadi si Kancil ora perlu menek. Apa maneh katon ing wit srikaya mau ana gumandhul omah tawon gung kang gedhe banget.
Rasa ngantuk lan awak kesel, ditambah weteng wareg njalari matane kancil ora gelem melek maneh. Gelem ora gelem Kancil turu ana sangisore wit srikaya mau, angler malah kepara ngorok. Sedina muput anggone Kancil turu durung tangi. Bareng wetenge wis krasa ngelih, Kancil mbukak matane. Sapandurat atine kancil kaget, jalaran ana sandhinge turu wis ana kethek gedhe tehenguk-thenguk karo mangan woh srikaya kang padha gogrog. “Wah………….. panganku dientekake kethek iki. Aku kudu bisa ngapusi dheweke” ngono swara batine Kancil.
“Weee lha….. kapan tekamu ana kene kang kethek?” pitakone Kancil marang kethek kang lagi iwut mangan srikaya.
“Kudune sing takon ki aku, Cil. Sebab ing papan iki saben dina aku golek pangan. Eeeeee ….. nalika aku teka kene kok awakmu turu ngorok ana kene. Saka ngendi lan arep menyang ngendi kowe, Cil?” semaure kethek mau.
“Kaya biasane, Thek…… aku mlaku-mlaku. Mung wae pas tekan kene esuk mau aku kepethuk Kanjeng Nabi Sulaiman, banjur didhawuhi nunggu kagungane gong kang disimpen ing pang wit srikaya gedhe iki. Aku diwanti-wanti, sapa  wae ora kena nyedhaki, ndemok, apa maneh nabuh gong mau. Jalaran yen nganti ditabuh dening sebarang makhluk, swarane gong mau bisa njalari lindhu gedhe lan larang udan.” pratelane Kancil sajak wigati.
“Begja temen awakmu. Cil. Dipercaya kanjeng nabi Sulaiman kanggo njaga kagungane gong. Yen pancen olehe nyimpen gong mau ana kene, mesthine aku sing didhawuhi nunggu, dudu awakmu, Cil. Yen aku nyoba nabuh gong mau oleh apa ora, Cil?” Si Kethek katon kepingin.
“Aku mau rak wis ngomong tho, Thek. Yen nganti gong mau ditabuh dening sebarang makhluk saliyane Kanjeng nabi Sulaiman, bisa mbilaheni” wangsulane Kancil sajak ora lila.
“Satenane awakmu wis nate krungu swarane gong kuwi apa durung, Cil?” Si Kethek ngoyak penjaluke.
“Waaah, ya durung. Jalaran aku dhewe wedi sapudhendhane yen nganti krungu swarane gong kuwi. Apa maneh resikone tumrape sabarang kang urip ana ngalam donya. Yen nganti ana lindhu gedhe, lan larang udan, bisa mbilaheni” Kancil nerangake.
“Yen ana sarusikune, mengko aku dhewe sing bakal nanggung. Yen nganti Kanjeng nabi Sulaiman duka, kareben aku sing didukani. Awakmu ora perlu wedi, Cil. Priye, Cil. Oleh ya…. aku nabuh kepingin ngrungokake swara gong kuwi?”, penjaluke Kethek sansaya ngoyak.
“Yen pancen adreng kekarepanmu, aku ora bisa maneh ngalang-alangi. Nanging, supaya yen ana dukane Kanjeng Nabi Sulaiman, aku ora katutan kena duka, sadurunge kowe nabuh gong kuwi, aku tak lunga dhisik sing adoh. Jalaran aku wedi tenan karo swarane gong kuwi, samar yen kupingku sing apik iki mengko dadi budheg.” Kancil nyetujoni kekarepane Kethek sajak kabotan.
“Aku manut” sambunge Kethek sajak bungah.
Mengko yen awakmu arep menek nabuh gong, undang-undango aku dhisik. Yen aku isih semaur, kowe aja menek dhisik. Nanging yen aku wis ora semaur, sakarepmu olehmu bakal nabuh. Tegese aku wis adoh, wis ora bakal kebrebegen swarane gong kuwi.” ngomong ngono kancil karo lumaku glendheh-glendheh ninggalake sangisore wit srikaya.
Let rada suwe, Si Kethek mbengok. “Ciiiiiiiil, wis adoh durung?”
“Oooooiiiiiii, mengko dhisik. Sedhela maneeeeeeh”, semaure Kancil saka kadohan.
Kethek sing sumurup barang nggadhul ing pang srikaya kang sacedhake kebak woh srikaya mateng-mateng wiwit ngiler, age-age menek. Sadurunge nabuh gonge Nabi Sulaiman, Kethek ngundang kancil sepisan maneh. “Ciiiiiiiiiiil, kepriye yen saikiiiiiiiii…..???”
Dienteni sawetaran karo mangan srikaya wis ora ana wangsulane kancil. Bungah atine kethek bakal bisa ngrungokake swara gong kagungane Kanjeng nabi Sulaiman. Agahan munggah nyedhaki pang papan gumandhule omah tawon gung. Ditilang-tilingake sawetara, banjur, “bruuugggg” si kethek ngantem omah taon gung kuwi sakayange. Mesthi wahe tawon gung sing ana jeroning susuh padha bubar, ngruyuk kethek, ngentupi sarandune aawak.
“Wowww,….. wadhuuuuuuuuuuuuh, tobaaaaaaaaat” srikutan Si Kethek mudhun saka wit srikaya mau. nanging tawon gung kang nesu tansah nututi lumayune Kethek karo ngentupi. Weruh ana kedhung, Si Kethek ambyur nyilem sajerone kedhung nganti sawetara ngampet ambegan. Bareng dirasa tawon gung wis padha lunga, Si Kethek mentas karo nggetuni nganti diapusi Kancil. Atine kethek ngigit-igit kepingin males pokale Kancil. Kethek iku lungguh dheleg-dheleg karo ngrasakake awake sing lara abuh dientupi tawon.


Dongeng Kancil  4: Jenange Nabi Soleman
Kancil kang nembe lumaku ing sapinggiring alas, ngerti grombolan kebo sing pada iwut mangan suket kang ijo-ijo tur subur. Merga rasa kesele anggone lumaku, mula si leren dheleg-dheleg ing sangisor wit munggur gedhe. Ora adoh saka anggone Kancil turu, katon ana barang bunder ireng, lumayan gedhe. Kena sumilire angin, si Kancil liyer-liyer ngantuk, theklak-tekhluk senajan ora turu.
Ora antara suwe, katon tekane Kethek sing awake padha abuh jalaran dientupi tawon gung. Kethek kang rumangsa jengkel marang Kancil merga diapusi, alon-alon nyedhaki lungguhe kancil banjur nyikeawake Kancil saka mburi. “Kecekel awakmu saiki, Cil. Kowe arep suwala kepriye yen awakmu wis dak pithing ngene iki. Jarene gonge Nabi Soleman, jebul awakku mbok sorohake menyang susuh tawon gung. Yen wis ngene iki, rasakna piwalesku”, ngomong ngono karo tangane kethek mau ngeneng-eneng kupinge kancil.
Kancil sing kelaran, ora kakehan polah, nanging pikirane mungset golek akal, pye carane uwal saka panyikepe kethek kuwi. “Ora, Thek.Koq awakmu rada bintul-bintul abuk ki merga kakehan mangan walur apa piye?”
“Mangan walur apa? Genah merga pokalmu, aku dientupi tawon gung sepirang-pirang ngono koq” semaure kethek. “Pinujune aku bisa mlayu terus ambyur ana kedhung, yen ora………. wis mesthi mati aku.” Ngomong ngono karo ngantemi awake kancil.
“Wooooo, ngono. Yaaaa….. yen ana luputku, aku njaluk ngapura, Thek. Sing wis kebacut, ya wis. durung diati-ati, kareben awakmu ora cilaka.”
“Lha yen ora mbok apusi. mesthi war aku ora cilaka, Cil. Kowe gampang wae ngomong mengkono, jalaran kowe ora ngrasakake dientupi tawon gung. Saiki aku njaluk digolekake tamba, sisa karo pangan sebab wetengku wis ngelih” Kethek nyahut karo mecucu.
“Wah, piye ya, Thek. Aku ki lagi didhawuhi…………………….” kancil tidha-tidha arep mbacutake omongane.
“Didhawuhi karo sapa??? NabiSoleman??” sahute kethek.
“Kadingaren utekmu encer, Thek. Pancen aku mau didhawuhi nabi Soleman”, semaure kancil setengahe ngumpak atine kethek.
“Hahaha……. mesthi arep ngapusi maneh. Yen masalah gong, genah aku ora percaya. Sebab wetengku wis ngelih tenan, rasane pating plilit.”
“Ora. Iki dudu perkara gong. Aku didhawuhi nunggu jenang dodol gaweyane nabi Soleman. Merga mau isih panas, arep terus digawa tindak karo Nabi Soleman, samar yen astane mlosoh merga panas. Kamangka ngendikane Nabi Soleman, jenang kuwi kejaba enak, maregi, uga ana kasiyate minangka tamba yen kena entup lan upas, sabarang lir upas.” Kancil nerangake rada dawa supaya kethek lali saka nesune lan kena apus kramane.
“Apa tenan omonganmu, Cil? Aja-aja kowe mung arep ngapusi aku maneh?“, si kethek sing pancen ora srantanan yen ngerti pangan wiwit kena tembung manise Kancil.
“Yen ora percaya, ya wis. Pancen aku iki kondhang pinter ngapusi, Thek. Yen kowe sumelang dak apusi, ya…. kana enggal lunga, aja  ganggu gawe anggonku nindakake dhawuhe Kanjeng Nabi Soleman.” Si kancil sing dipaido sajak kecenthok atine.
“Ana ngendi jenange kuwi, Cil? Mbok aku tak ngicipi sethithik wae. Oleh to Cil??” si kethek ngangseg penjaluke.
“Weeeeh. lha mengko aku didukani no, Thek.Apa kowe wani nanggung yen ana sarusikune?”
“Yen weteng ngelih, apa wae alangane bakal didhadhagi. Wis mengko aku sing tanggung yen didukani.”
Ya, wis. Kae lho ana cedhak blumbang, rupane ireng. nanging supaya kowe mengko ora kuwalat merga wani mangan dhaharane Nabi Soleman, ana syarate”.
“Syarate apa, Cil” Kethek sing wis kemecer idune, selak kepingin ngicipi jenange nabi Soleman iku ngoyak.
“Syarate anggonmu mlaku saka kene nganti tekan panggonan jenang kuwi kanthi merem, lan irungmu dibunteti. Yen sikilmu  utawa tanganmu sing mbok nggo grayah-grayah mlaku wis nyenggol jenang kuwi, anggonmu mangan ora kena nyuwil. Nanging kudu ngiras nganggo lambe lan untumu, kanthi cara dikokop” Kancil nerangake sajak wigati.
“Lha menkone apa aku ora nabrak-nabrak, Cil.?”
“Ngene. Awakmu saka kene madhep lempeng menyang jenang kuwi. Sawise merem, rada ndhodhok lumaku sinambi grayah-grayah nganggo tangan tengen, dene tangan kiwa mbithet irung” Kancil menehi cara marang kethek.
“Wooo, yaah. Dak wiwiti saiki, ya Cil.” Ngomong ngono karo agahan kethek mlaku dhohok karo merem lan mbithet irung. Weruh kuwi, Kancil kanthi sesidheman lumaku ngadoh lan banjur mlayu sipat kuping mlebu tengahing alas.
Bareng tangane kethek nyenggol anget-anget rada empuk, kaya welinge Kancil mau, agahan nubruk. Bruuuk. Si Kethek ngokop barang sing jarene Kancil jenang, jebul rasane ora enak tur mambu. Agahan si kethek melek mbukak matane. Sepira kagete jebul sing dikokop mau tlethong kebo sing isih anget merga isih anyar.
” Wahhhhh, sida kapusan maneh awakku. Tlethong kebo diunekake jenange Nabi Soleman. Aku iki koq yaaa bodho timen” Ngedumel si kethek nggetuni bodhone karo mlaku marani blumbang kanggo adus ngilangi tlethoing awak lan raine.


Dongeng Kancil 5 : Sulinge Nabi Soleman
Merga ngrasakake kesele awak, kancil mandheg leren ana sacedhake dhapuran pring. Kapinujon, awan kuwi hawane pancen panas. Sing dadi kawigatene kancil saka dhapuran pring kuwi, saben ana sumribite angin mesthi keprungu swara kang ngayut-ayut kaya dene wong kang ngunekake suling. Kena siliring angin lan swara geritane pring gathuk, kancil dadi ngantuk, liyer-liyer.
Ora let suwe saka anggone antuk-antuk kancil ana tekane macan tutu ling papan kono. Ngerti ana kancil sing lagi antuk-antuk, si macan mau nubruk awake kancil saka buri arep di pangan.
“Sapa ya iki salah gawe marang aku. Apa ora ngerti yen aku iki lagi nindakake dhawuh saka Nabi Soleman.?” Pambengoke kancil golek akal supaya bisa uwal saka regemane macan tutul.
“Ora usah kakehan omong, yen pancen awakmu arep duwe penjaluk utawa pesen marang sedulurmu, omonga saiki sadurunge kowe dak pangan, Cil” wangsulane macan tutul karo nambahi keceng anggone mithing awake kancil sing ora sepiroa gedhene kuwi.
“Yen pancen kowe kepingin mangan dagingku, mengko yen aku wis mbok pangan , kowe kudu nggoleki Kanjeng Nabi Soleman lan matur kowe sing tanggung jawab nggenteni kewajibanku” sahute si Kancil karo pringisan merga kelaran kena kuku-kuku cakare si macan.
“Lha, pancene kowe didhawuhi apa karo Nabi Soleman, Cil?” si macan sajak kepengin mengerti, lan nyuda anggone mithing si kancil.
“Yen kowe kepingin ngerti apa sesanggemanku tumrape Nabi Soleman, iki awakku diuculake dhisik, supaya aku bisa ambegan landhung. Mengkone anggonku ngomong dadi cetha”, atine kancil rada bungah jalaran rekadayane sajak bakal kasil.
“Dak culke, nanging aja pisan-pisan kowe mlayu. Sepira dayane kowe mlayu dak oyak mesthi kecekel. Wis, saiki ndang ngomonga, apa dhawuhe Nabi Soleman marang kowe? Mengko dak genteni nglakoni dhawuh kuwi” omong mengkono karo nguwali anggone mithing kancil.
“Aku iki mau didhawuhi njaga sulinge Kanjeng Nabi Soleman sing disimpen ngi dhapuran pring iku. Merga krungu swarane suling sing ngayut-ayut, bareng karo sumilire angin, mataku dadi ngantuk.” Si kancil njlentrehake sesanggemane marang macan sawise nata ambegan.
“Lha koq aku ora krungu, Cil. Kowe aja ngapusi aku, lho” si macan maido.
“Kanjeng Nabi Soleman ngendika yen sing bisa ngrungokake swara sulinge kuwi mung kewan sing ora mangan daging. Lha yen kowe, Can, gaweyanmu saben dina mangani daging kewan liyane sing luwih cilik. Iki Mau aku meh wae mbok pangan.” Kancil ngethuprus anggone awh katerangan marang macan.
“Wah……….. kojur iki. Kamangka aku kepingin banget ngrungokake swara sulinge Kanjeng nabi Soleman sing kondhang kuwi je, Cil. Apa ora ana cara kanggo ebus kleruku mangani kewan liya supaya aku bisa ngrungokake swara suling kuwi, Cil” si macan ngarih-arih kancil.
“Kanjeng Nabi Soleman ngendika, yen kanggone kewan sing doyan mangan daging, yen kepingin ngrungokake swara suling kudu nyebul dhewe, kanthi nempelake ilate ana cedhak gathukan pring loro kuwi nalika ana angin sumilir rada banter. Kanthi cara mengkono, suling mau baka muni, lan awakmu bisa ngerti swarane sulinge Kanjeng Nabi Soleman.” Ngono pratelane kancil nanggapi pitakone macan.
“Wah….. yen mung ngono kuwi syarate, gampang kanggone aku. Pring sing endi cil sing kudu dak sebul?” si macan sing wis kebelet kepingin ngerti swara suling ngangseg marang kancil.
“Ana kene iki. Ilatmu templekna ana pring iki. Mengko yen ana angin, kowe ora kena kaget, kepara merem. Nanging ngendikane Nabi Soleman, yen sing ngunekake suling mau seneng mangan daging, suwarane seru tur marakae kupinge kwan sing ora doyan daging bisa pecah. Nanging tunrape kewan sing doyan daging bab mau ora dadi masalah. Mula sadurunge ana angin, aku kudu sumingkir rada adoh” ngono akale kancil arep ngoncati si macan.
“Yaw is, kana awakmu ndang lunga. Tinimbang kowe mengko kelaran terus bengok-bengok, nggangu anggonku ngrungokake swara suling sing ngayut-ayut kuwi.” Si macan nggusah kancil karo nyedhaki dhapuran pring nalika lekas krasa semilire angin.
Mesthi wae si Kancil banjur mlayu sipat kuping ngadoh. Bareng wis sawetara adohe, kancil noleh jalaran ana gembrubug swara angin kang tumempeuh ing wit-witan. Macan sing kena apus kramane kancil kuwi nemplekake ilate ing pring sing mau dituduhake kancil. Bareng karo tekane angin, pring loro sing gathuk mau wiwit padha gerit ngetokake swara. Merga saka gerite pring loro mau, ilate si macan kejepit ing antarane pring loro. Si macan njola kepati ngrasakake ilate meh pedhot, njondhil-njondhil ngrasake larane ilat kang godres getih.
Wadhuh………………………….. wadhuh………………. Jebul si kancil ngapusi aku. Titenana kapan ketemu bakal dak gaglak tenan” Macan bengok-bengok karo ngrasakake larane. Lagi krasa menawa dheweke wis diapusi dening kancil.


Dongeng Mapan Turu
Nambah raketing rasa marang putra


Dongeng Kancil 1: Kancil Nyolong Timun
Sawijining dina, rikalane Pak tani menyang sawah niliki tandurane, banget kaget atine merga tandurane akeh kang rusak. Wit pohong padha ambruk, kacang prol sing durung tuwa mosak-masik, apa maneh tanduran tikang nedheng awoh ndadi, ora karuwan. Pak tani ngubengi kabeh tandurane karo ngudarasa, “Gek sapa sing salah gawe ngrusak tanduranku iki. Yen menungsa katone dudu, nangin yen kewan kewan apa?” Sinambi ngaso ana gubug, Pak tani ngenam-nam pikir, kepriye carane nyekel pawongan utawa kewan kang wus ngrusak tetandurane.
Ana ngomahe, Pak Tani gawe pepethan wong-wongan kaya dene memedi sawah kang dienggo ngusah manuk. Nanging rada beda karo memedi sawah kang mung saka damen ditaleni lan diwenehi kudhung caping, wong-wongan mau digawe memper banget karo kawujudane manungsa. Ing sarandune pawawong-wongan kang madeg malang kerik iku diwenehi pulut dicampur aspal kang banget krakete yen didemok. Sore iku uga wong-wongan mau dipasang ana sawah sacedhae tanduran timun. “Muga-muga wong-wongan iki mengko ana pigunane”, mengkono batine Pak Tani.
Bengi iku kancil kang wetenge krasa luwe kepingin mbaleni golek timun ana sawahe Pak Tani kaya wengi sadurunge. Tekan sawah kang ana tandurane timun, kancil nuli mangan sawarege wetenge. Bareng kancil ndengengek, atine kancil kaget setengah mati. “Wah konangan aku”, mengkono batine kancil. Ewo semono, kancil ora wedi keplayu. Kancil mbatin, “yen pancen iki Pak tani, mesthine aku wis dicekel, ora mung meneng wae. Iki mesthi mung pepethan, kanggo medeni manuk
Eee…… apa dikira aku wedi karo kowe?” Kancil ngucap karo mlaku ngubengi pepethan iku.
Yen pancen arep nyekel aku, enggal cekelen. Aku ora arep mlayu. Ayo….. enggal aku cekelen”  Kancil kang mlakune rada mepet pepethan, kupinge nyenggol tangane pepethan, wulune nempel ing pulut.
We lha, …….. wani njewer kupingku. Diuculake apa ora?” , muni mengkono karo ngipat-ngipatake endhase supaya kupinge ucul saka pepethan mau.
Eee…….., ngeyel. Dak jotos lho” , ngucap ngono karo sikile ngarep tengen diantemake menyang pepethan, pas ngenani pundhake pepethan. Mesthi wae sikile kancil kraket ana pundhake pepethan mau.
“Lho….. malah sikilku dicekel. Yen ora diuculake dak antem maneh lho” ngomong ngono karo singarep tengen diantemake ngenani pundhak pepethan. Mula loro-lorone sikile kancil sing ngarep kraket ing pundhak pepethan.
“Apa njaluk dak dhupak nanggo sikil loro pisan?” Gabrus, sikil buri loro bareng diantemake ngenani tangane pepethan kang malangkerik. Dadine kancil gumandhul ing pepethan, kraket ora bisa uwal. Ngrumangsani klerune, kancil mbrebes mili luhe, nangis sesenggukan, sewengi gumandhul ora bisa turu.
Esuke pak tani kang niliki sawahe nemoni, ana kancil kang gumandhul ing pepethan. “Ooooo, jebul iki malinge. Mula tanduranku rusak ora karuwan. Kebenaran ana ngomah wis kentekan daging kanggo lawuh.” Ucape pak Tani iku dirungokake dening kancil. Mula atine kancil dadi miris banget. Entek pengarep-arepe kanggo urip. Sikile kancil diuwali saka pepethan, banjur ditaleni supaya ora bisa mlayu, banjur digawa mulih menyang omah. Tekan ngomah, kancil mau dilebokake kurungan banjur ditindhihi kayu gedhe.Sabanjure pak tani ngasah lading gedhe kang kulina kanggo mbeleh kewan nganti landhep, mingis-mingis. Rampung anggone ngasah lading, pak tani lume ngomah kanggo ngaso sawetara.
Kancil kang ana jero kurungan, mung dheleg-dheleg karo matane mbrebes mili, luhe dleweran rebutan metu. Nalikane kancil lagi nggrantes mikir nasibe kang apes, katon kledhang-kledhang tekane Kapri, asu ingon-ingon kelangenane Pak Tani. Tuwuh pengarep-arep ing atine kancil. Pikirane kancil  muser golek akal supaya bisa uwal saka kurungan iku.

“Lho….. koq kowe Cil?. Ngapa aawakmu ana jero kurungan, katon banget yen atimu sedhih. Apa awakmu luwe ora entuk pangan?”, mengkono pitakone si Kapri.
Ngene lho, Pri. Aku sedhih ora mergo luwe. Nanging jalaran aku arep dirabekake karo putrine Pak tani sing dhenok kae lho. Kamangka aku ki rak ora seneng karo dheweke, lha wong si Dhenok yen mlaku wae dhuwur banget.” Semaure kancil karo katon memelas.
“Ah… tenane Cil??? Aku koq ora percaya karo omonganmu. Yen pancen Pak tani arep golek mantu, mesthi wae luwih becik milih aku sing wis suwe ngabekti marang Pak Tani. Ora bakal milih kowe, Cil” si Kapri nyahut maido omongane kancil.
Bungah atine kancil merga rekadayane bakale kasil. “Kasunyatane kaya mengkene, Pri. Pak Tani luwih milih aku minangka mantune, kamangka aku ora seneng. Atiku dadine bingung tenan Pri”
“Ora, Cil. Yen pancen awakmu ora seneng, kepriye yen dak genteni. Aku gelem dipek matu karo Pak Tani. Dhasare aku rak wis ngerti karo aten-atene si Dhenok. Piye, Cil Oleh, ya dak genteni?”
“Yen pancen awakmu gelem, aku ora kabotan Pri. Kayu kang nindhihi kurungan iki singkirna, mengko genti awakmu sing mlebu ana jero kurungan. Sebab kanggo syarat sadurunge rabi karo menungsa, bangsa kewan kudu dikurung dhisik” celathune kancil mantep.
Agahan si Kapri, asu kelangenane Pak tani kuwi nyurung kayu kang nindhihi kurungan, nuli mbukak kurungan.  Kancil metu saka kurungan, sabanjure Kapri kang lumebu ing kurungan. “Wis ya Pri, mengko mundhak didukani Pak tani, aku arep lunga adoh. Kepenakna anggonmu ngenteni arep dadi mantune Pak tani”, celathune kancil karo gegancangan lumayu ngedohi omahe Pak Tani.
Tangi turu, Pak tani agahan metu arep mbleh kancil. Saekagete bareng sumurup yen sing ana sajeroning kurungan ganti Kapri, asu kelangenane. “Dhasar asu goblog. Ora sida entuk lawuh daging kancil” ngono pambengoke Pak Tani, mbukak kurungan karo nggebuk asu kang tehenger-thenger ana sajerone kurungan.
Bug-bug………. kaing-kaing………….. Kapri si asu iku lumayu kelaran. Lagi krasa yen dheweke wis diapusi kancil

KAMPOENG KELINCI DE KAMPOENG REMBANG



Halo teman - teman...
Namaku Aksanesa, dan adikku Aninesa. Hari Minggu kemarin, aku dan adik diajak mama berkunjung disuatu tempat yang saaaangat menyenangkan.
Awalnya mama bertanya apakah aku dan adik mau bermain di alam terbuka. Wah...,jelas aku dan adik bersorak riang tak terkira. Ya iyalah..mama.... Masak gak mau. Pasti menyenangkan... :)

Sorenya, mama membawaku dan adik di sebuah tempat yaitu di Dukuh Sugihan, Desa Pulo, Kecamatan Rembang yang tak jauh dari rumahku. Sesampainya disana aku melihat suasana pedesaan yang asri dan segar. Setelah menitipkan kendaraan ditempat parkis, kami bertiga berjalan menuju pintu masuk. Aku bertanya pada Mama berapa tiket masuknya. Mama bilang 1 orang Rp.5.000,00 saja. Wow....murah sekali, kataku dalam hati.

Begitu melewati pintu masuk, kulihat tanaman buah naga jumlahnya beratus - ratus. Ya Allah......,luar biasa keindahanMu.... buah naga merah menggoda untuk kuambil satu persatu. Disisi selatan kulihat ada 3 gazebo bambu berdiri kokoh. Suasana nyaman langsung terasa lho....
Aku, adik, dan mama menyusuri jalan ke arah timur, berbelok ke utara. Indahnyaaa....., hamparan kebun buah naga dengan buah merah bergelantungan membuatku ingin  berfoto.
Tiba - tiba dari belakang seorang pemandu wisata bertanya apakah aku mau memetik buah naga. Ya jelas aku mau... Aku dan mama kan penggemar buah naga. Kami diberi kesempatan memetik buah naga dengan menggunakan gunting khusus, Aku cukup memetik 3 saja. Karena aku juga sangat terburu - buru untuk melihat kebun kelinci yang dari jauh nampak menawan.
Setelah memetik, aku segera berlari menuju bangunan yang terlihat seperti Istana New Zealand. Amazing.... Didalamnya kulihat sangat asri.... Ada bukit teletubbiest, taman dengan rerumputan dan tanaman yang indah. Dan yang sangat menyenangkan adalah, aku bisa melihat kelinci kelinci lucu dari berbagai ras yang berlarian kesana kemari. Kata mama kelinci itu berjenis rex, bligon atau percampuran, dan ras autralia. Warnanya memikat hati, ada warna putihm, abu - abu, putih hitam seperti polkadot, dan ada yang berwarna kuning kecoklatan. Aku senang sekali teman.... Kulihat kelinci itu ada yang bersembunyi didalam hong atau gua bukit teletubbies, sesekali mereka mengintip seolah ingin menghampiriku. Ih...,aku gemas melihatnya.
Lama - lama kelinci itu mendekatiku, aku paham, mungkin mereka ingin bermain atau ingin meminta wortel yang aku pegang, yang tadi diberi oleh kakak pemandu. Perlahan aku jongkok, kusodorkan wortel itu pada kelinci berbulu putih bersih dan halus. Asiiiiiiiiiiiiiikkk.....,kelinci memakan wortelnya. Menyenagkan sekali teman. Adikku juga terlihat sangat antusias. Dia ikut menyodorkan wortel pada kelinci lainnya. Dia terkekeh - kekeh melihat kelinci lucu yang dengan lahapnya mulai menggigiti wortel yang ia pegang. Di sebelahku, kulihat mama tersenyum bahagia melihatku dan adik nergembita di Kampeong Kelinci ini.

Setelah memberi makan kelinci, mama mengajakku melihat kelinci kelinci kecil yang juga sangat lucu yang adadi dalam kandang. Pegawai kebun menjelaskan bahwa kelinci kecil ini baru saja disapih oleh induknya. Dan karena badannya masih kecil dan belum begitu kuat, maka ditaruh di dalam kandang. Aku dan adik hanya diperbolehkan melihat dan memberi makan, dan tidak diperkenankan menggendongnya. Dengan begini, aku jadi tahu bahwa memelihara kelinci itu ada aturannya.
Dikebun ini, aku juga diajari cara untuk mengangkat dan menggendong kelinci. Dan ternyata, mengangkat kelinci itu tidak dengan cara mengangkat telinganya. Melainkan dengan diangkat dari perutnya seperti halnya orang menggendong. Begitu caranya teman - teman....

Waktu terasa sangat cepat berlalu. Matahari sudah hampir tenggelam. Yahhh...., rasanya sedih aku harus segera pulang. Tapi mama bilang, besok aku boleh main kesini lagi. Horeeee......, besok aku dan adik ingin kesini lagi Mamaaaa......

Sudah ya teman - teman, ceritaku kali ini cukup sekian. Kalau kalian ingin merasakan seperti pengalamanku ini, kalian dapat berkunjung di DE KAMPOENG REMBANG, alamatnya di Dk. Sugihan, Ds. Pulo, Rembang, Jawa Tengah.

Selain bisa Petik Buah Naga, kalian juga bisa bermain dengan kelinci di KAMPOENG KELINCI.
Kata mama, disini juga ada EDUFARM yaitu paket edukasi berbasis pertanian. Kapan - kapan aku juga ingin mencobanya....

Tunggu ceritaku yang lainnya ya...
Da....






























  Modul 3.1.a.9 Koneksi Antar Materi: Pengambilan Keputusan Sebagai Pemimpin Pembelajaran Oleh : Dwi Fitri Paramita, S.Pd., M.Pd. Guru SMP N...