12 Agu 2020

MATERI KELAS 8 SEM. 1 SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH

 


MATERI 2 : SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH

Sakderenge nyinau pupuh gambuh, kudu kokmangerteni jinise tembang macapat.

TEMBANG MACAPAT, PATHOKAN LAN WATAKE

NO

TEMBANG MACAPAT

GURU LAGU

GURU WILANGAN

GURU GATRA

WATAKE

1

Maskumambang

i,a,i,a

12,6,8,8

4

Sedhih, susah, nalangsa, kelara-lara, keranta-ranta.

2

Mijil

i,o,e,i,i,u

10,6,10,10,6,6

6

Asih lan tresna.

3

Sinom

a,i,a,i,iu,a,i,a

8,8,8,8,7,8,7,8,12

9

Grapyak, semanak.

4

Kinanthi

u,i,a,i,a,i

8,8,8,8,8,8

6

Seneng, asih, tresna.

5

Asmarandana

i,a,e,a,a,u,a

8,8,8,8,7,8,8

7

Tresna, kesengsem, sedhih, lan prihatin.

6

Gambuh

u,u,i,u,o

7,10,12,8,8

5

Rumaket, kulina, lan wanuh wani.

7

Dhandhanggula

i,a,e,u,i,a,u,a,i,a

10,10,8,7,9,7,6,8,12,7

10

Luwes lan ngresepake.

8

Durma

a,i,a,a,i,a,i

12,7,6,7,8,5,7

7

Galak, jengkel, nesu, muntab.

9

Pangkur

a,i,u,a,u,a,i

8,11,8,7,12,8,8

7

Sereng, nepsu, utawa nggambarake kekarepan kang ora gampang nglokro.

10

Megatruh

u,i,u,i,o

12,8,8,8,8

5

Sedhih, susah, utawa ora duwe pangarep-arep.

11

Pocung

u,a,i,a

12,6,8,12

4

Sembrono, kendho tanpa greget.

 

WEDHARAN BAB SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH

·           Serat Wulangreh kaanggit dening Paku Buwana IV saka Kraton Surakarta Hadiningrat

·           Wulangreh iku asala saka 2 tembung, Wulang lan Reh. Wulang tegese pitutur utawa ajaran. Reh tegese tuntutan utawa laku cara. Wulangreh bisa ditegesi minangka ajaran utawa piwulang bab laku cara utawa tumindak kang becik.

·           Serat wulangreh iki cocog kanggo patuladhan tumrap bocah cilik, enom utawa sepuh.

·           Serat Wulangreh isine kurang luwih 283 pada/bait, kang karinci kaya mangkene :

8 pada sekar Dhandhanggula, 16 pada sekar Kinanthi, 17 pada sekar Gambuh, 17 pada sekar Pangkur, 34 pada sekar Maskumambang, 17 pada sekar Megatruh, 12 pada sekar Durma, 27 pada sekar Wirangrong, 23 pada sekar Pocung, 26 pada sekar Mijil, 28 pada sekar Asmaradana, 33 pada sekar Sinom, 25 pada sekar Girisa


 GLADHEN 

Goleka terjemahan ing basa Jawa lan pitutur luhure!

Pada

Cakepan

Tegese / terjemahan mawa basa Jawa

Pitutur luhur

1

Sekar gambuh ping catur,

kang cinatur polah kang kelantur,

tanpa tutur katula-tula katali,

kadaluwarsa katutuh

kapatuh pan dadi awon.

 

 

2

Aja nganti kebanjur,

barang polah ingkang nora jujur, yen kebanjur kojur sayekti

tan becik,

becik ngupayaa iku,

pitutur ingkang sayektos.

 

 

3

Pitutur bener iku,

sayektine kang iku tiniru,

nadyan melu saking wong sudra papeki,

lamun becik wurukipun,

iku pantes sira anggo.

 

 

4

Ana pocapanipun,

adiguna adigang adigung,

pan adigang, kidang adigung pinasti,

adiguna ula iku,

telu pisan mati samyoh.

 

 

5

Sikidang umbagipun,

angendelaken kebat lumpatipun,

pan si gajah angendelken gung ainggil,

ula ngendelaken iku,

mandine kalamun nyakot.

 

 

6

Iku upamanipun,

aja ngendelaken sira iku,

tukang nata iya sapa kumawani,

iku ambeke wong digung,

ing wasana dadi asor.

 

 

7

Ambek digang puniku,

angungasaken kasuranipun,

para tantang candala anyenyampahi,

tinemenan boya purun,

satemah dadi geguyon.

 

 

8

Ing wong urip puniku,

aja nganggo ambek kang tetelu,

anganggowa rereh ririh ngatiati,

den kawang-kawang barang laku,

den waskitha solahing wong.

 

 

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

  Modul 3.1.a.9 Koneksi Antar Materi: Pengambilan Keputusan Sebagai Pemimpin Pembelajaran Oleh : Dwi Fitri Paramita, S.Pd., M.Pd. Guru SMP N...