21 Jul 2020

LEMBAR KERJA SISWA MATERI LEGENDA KELAS 8 SEM 1

Bapak Ibu dwija basa Jawi sutrena. Menika kacawisaken materi pembelajaran Kelas 8 semester 1 BAB LEGENDA

Materi menika saged  dipunwucalaken kangge pembelajaran daring basa Jawi ing pandemi Covid-19 menika.

MUGI MUMPANGATI TUMPRAP KULA LAN PANJENENGAN SAMI
Nuwun....


LEGENDA

A.      Wedharan Materi

Legenda yaiku crita utawa dongeng kedadeyan alam utawa panggenan.

Legenda ana kang sipate fiksi (crita khayalane manungsa) uga ana kang asipat nonfiksi (crita nyata/apa anane)

Lagendha iku klebu sastra gancaran. Gancaran iku karangan sing ora kaiket gatra. Wilangan, lan guru lagu. Sastra gancaran iku dumadine saka perangan sing ndhapuk crita utawa unsur instrinsik. Dene  unsur instrinsik lagendha yaiku:
1.        Undheran utawa tema yaiku bakubing cerita
2.        Paraga yaiku tokoh utawa sapa sing dicritakake. Paraga bisa arupa manungsa, kewan, utawa tetuwuhan. Paraga iku bisa dadi paraga protagonis utawa antagonis. Paraga protagonis yaiku paraga sing pakartine utama. Manut aten-atene sing maca (lumrahe apik) Paraga antagonis yaiku paraga sing pakartine ala, tansah cengkah karo aten-atene sing maca, cethane kosok baline karo aten-atene sing maca, kosok baline karo tumindak becik. 
3.        Alur yaiku urut-urutane kedadeyan sing ana ing crita. Ana alur maju, ana alur mundur, lan ana alur campuran.
4.        Latar yaiku samubarang kang nggambarake papan, wektu, lan kaanan ing crita. Latar iku bisa kabedakake dadi latar wektu, panggonan, lan kaanan. Latar panggonan yaiku samubarang sing nggambarake papan kedadeyan crita. Ana sing disebutake kanthi langsung, ana uga sing nggathuk-nggathukake dhewe utawa ora langsung, latar wektu yaiku wektu sing nggambarake kedadeyan iku dumadi. Ana wektu gumathok (jam, dina, sasi lan sapanunggalane) sarta ana wektu kang ora gumathok (dhek semana, biyen, besuk).
5.        Liding crita utawa amanat yaiku pepeling sing ana ing crita utawa patuladhan sing bisa kajupuk saka crita kasebut.

Tuladha:
-        Mula bukane Pasar Penthungan
-        Mula bukane Rembang
-        Dumadine Gunung Tangkuban Prau
-        Mula Bukane Banyuwangi
-        Mula bukane Surabaya
-        Dumadine Bendhe Becak Lasem


B.  Wacanen legendha iki !

RIMBA PASUCEN

Obyek wisata menika manggen wonten ing dhusun pasucen, kecamatan Gunem, kirang langkung 30 Km saking kitha Rembang, tuwin kirang langkung 7 Km sisih wetanipun wana Mantingan. Kangge tumuju wonten papan menika kedah liwat Bulu awit dereng wonten alat transportasi ingkang sumadya saking tlatah Gunem.
Obyek wisata menika ngandhut biji sejarah, kanthi dipunganepi wontenipun guwa ingkang cacahipun tiga, inggih menika guwa Pajangan, guwa Joglo, lan guwa Jogong.
Miturut cariyos wingi uni, rikala Blancak Ngilo dipungudag Sunan Bonang, mlajeng ing wana menika. Blancak Ngilo iri amargi santrinipun Sunan Bonang kathah sanget lan para santri menika percados sanget piwucalan-piwucalan arupi syariat agami Islam  ingkang dipunwucalaken dening Sunan Bonang. Pangangkahipun Blancak Ngilo kepengin merjaya Sunan Bonang, lan para pendherekipun Sunan Bonang purun dherek piyambakipun.
Sunan Bonang rumaos nyawanipun kaancam, pramila ngupaya mbela dhiri. Blancak Ngilo dipungudag lan mlajeng dumugi ing salah satunggaling wana menika. Blancak Ngilo ndhelik ing salebeting guwa ing wana menika.
Miturut carios, Sunan Bonang anggenipun nggudag Blancak Ngilo sanget sayahipun, pramila ngaso rumiyin. Rikala nembe ngaso, Sunan Bonang nancepaken tongkat wonten ing siti caketipun anggenipun lelenggahan, ndilalah medal toya ingkang resik sanget. 

C.       Pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi patitis nganggo basa krama!
1.         Rimba Pasucen dumunung ing ngendi?
Wangsulan: ….......................................................................................................
2.         Ing rimba Pasucen ana apa wae?
Wangsulan: ….......................................................................................................
3.         Apa sebabe Blancak Ngilo mungsuhi Sunan Bonang?
Wangsulan: ….......................................................................................................
4.         Apa ing Rimba Pasucen bisa ditemoni sumber banyu resik?
Wangsulan: ….......................................................................................................
5.          Apa tujuane Sunan Bonang nancepake tongkat ing lemah?
Wangsulan:………………………………………………………………………………


D.      Golekana tegese tembung iki !
1.         rimba                                     : .....................................................
2.         kirang langkung                    : .....................................................
3.         sumadya                                : .....................................................
4.         tlatah                                     : .....................................................
5.         piwucalan                              : .....................................................
6.         merjaya                                 : .....................................................
7.         pandherekipun                      : .....................................................
8.         mlajeng                                 : .....................................................
9.         caketipun                              : .....................................................
10.     toya                                       : .....................................................


MATERI BASA JAWA BAB ANOMAN DUTA KELAS 9 SEM 1

Bapak/ibu dwija basa Jawa ingkang sutresna. Menika kacawisaken materi pelajaran Basa Jawa


Babagan ANOMAN DUTA kangge siswa kelas IX semester 1


Materi menika saged dipunwucalaken kangge Pembelajaran Daring. Saged dipun share mawi WA, kanthi format word utawi PDF. Ugi saged dipunshare mawi google classroom.

MUGI MUMPANGATI TUMPRAP DWIJA BASA JAWI SAHA PARA SISWA
SUWUN


A.      Wacanen kanthi setiti !
ANOMAN DUTA

Prabu Rama lagi duka amarga Dewi Shinta, garwane, didhusta dening Rahwana. Anoman banjur diutus budhal menyang Ngalengka kanggo mapag lan nggawa bali Dewi Shinta nanging katekan wanara liya kang jenenge Anggada. Anggada kepengin dadi utusane Rama kanggo mapag Dewi Shinta, sakloron padu padha pamer kakuwatan. Minangka solusine, Prabu Rama banjur menehi sayaembara kanggo Anoman lan Anggada.
Nalika ditakoni sapira suwine wektu kang ditempuh kanggo menyang Ngalengka, Anoman mangsuli butuh wektu sepuluh dina, nanging Anggada bisa nempuh mung pitung dina bae. Anoman ngudhunake dadi limang dina lan Anggada mangsuli telung dina. Pungkasane Anoman menang sayembara amarga dheweke sangguh teka ing Ngalengka kanthi wektu sedina. Anoman banjur budhal dikancani dening Semar, Petruk, lan Bagong.
Anoman kepengin cepet-cepet banjur punakawan dilebokake neng kancing gelung Anoman. Wiwitane Anoman budhal menyang kahyangan kanggo nemoni Bathara Surya lan matur supaya srengengene diendheg. Kanthi cara mangkono dinane bakal awan terus lan Anoman bisa teka ing Ngalengka sedina bae kaya janjine. Sawetara suwi mikir, Bathara Surya pungkasane gelem ngendheg lakune srengenge, iku bae amarga Semar kang nyuwun marang Bathara Surya. Sawise iku Anoman mudhun maneh nanging lagi bae midak lemah, dheweke kesedhot segara. Jebule kang nyedhot Anoman iku Ditya Wil Kataksini kang njaga segara Ngalengka banjur diuntal menyang jero wetenge. Anoman ngupaya metu saka jero wetenge Wil Kataksini kanthi mbedhah wetenge nganggo kuku Wajane. Wil Kataksini mati lan Anoman nerusake lakune.
Anoman kang diuntahake Wil Kataksani tiba ing gunung lan semaput. Punakawan banjur nggawa Anoman menyang gowa Windu kang ing kono ana wong wadon tapa jenenge Dewi Sayempraba. Dewi Sayempraba banjur nolungi si Anoman lan punakawan, diwenehi panganan lan ngombe. Anoman ora bae waras saka larane nanging uga kepranan marang dewi kasebut. Sawise krasa cukup suka pari suka karo Dewi Sayempraba, Anoman pamit budhal nerusake laku menyang Ngalengka. Metu saka gowa Anoman dadak ora bisa ndeleng, dheweke dadi wuta. Anoman lan punakawan sedhih karo kahanan kaya mangkono amarga dianggep Anoman bakal gagal menyang Ngalengka kanggo nggawa bali Dewi Shinta kaya kang wis diutus Rama. Anoman dikancani punakawan mbacutake lakune kanthi grayah-grayah nganti pungkasane Anoman ketemu karo Garuda Sempati. Garuda Sempati iku kadange Garuda Jatayu kang dipateni Prabu Dasamuka kanthi pedhang Menthawane nalika nolungi Dewi Shinta. Garuda Sempati banjur nolungi Anoman lan punakawan nggunakake idune lan ndedonga marang Dewa. Anoman lan punakawan kasil ndeleng maneh sawise ditambani Garuda Sempati. Sawise leren sawetara, Anoman atur panuwun marang Garuda Sempati lan pamit nerusake laku.
Ing tengahing laku Anoman nglewati dalan kang alus banget kaya babut utawa karpet nanging jebule iku ilate Ditya Ilatmeja utawa Wil Kataksa. Anoman diuntal maneh neng jero weteng nanging saiki karo Wil Kataksa. Kaya kang wis tau kedaden, Anoman mbedhah wetenge Wil Kataksa nganggo kuku wajane. Sawise kasil metu saka jero wetenge Wil Kataksa, Anoman miber menyeng Ngalengka.
Anoman kasil tekan ing Ngalengka. Indrajid, putrane Prabu Dasamuka kang mangerteni tekane Anoman nggoleki dheweke neng sakupenge praja. Anoman ora kasil ditemokake dening Indrajid amarga sesidheman ing wit nagasari kang ana sajrone Taman Asoka. Banjur Anoman nembang nganti keprungu swarane Dewi Trijatha (adhine Prabu Dasamuka). Dewi Trijatha kang mangerteni bab kasebut kaget ana kethek putih banjur kesengsem. Anoman dielus-elus lan dipangku ing pangkone Dewi Trijatha.
Kanthi pitulungan saka Dewi Trijatha, Anoman kasil sowan marang Dewi Shinta banjur menehake ali-ali saka Prabu Ramawijaya. Yen ali-ali kasebut ora sesek lan bisa diagem dening Dewi Shinta kanthi longgar mratandhakake yen Dewi Shinta isih suci. Kabukten yen Dewi Shinta isih suci banjur menehake uga marang Anoman kanggo diaturake Prabu Rama susuk kondhe minangka pralambang yen Dewi Shinta ngenteno banget tekane Ramawijaya. Nalika Anoman cecaturan kalawan Dewi Shinta dumadak kapriksan para prajurit Ngalengka banjur dikepung Indrajid lan prajurite. Anoman digujer tanpa bisa nglawan. Dheweke digawa menyang pasewakan. Printahe Dasamuka kang mangreteni bab kasebut, Anoman dicencang tangan lan sikile kanggo diobong.
Prabu Dasamuka kang mimpin pembakarane Anoman nyumet geni ngobong kayu. Ora disangka-sangka dhuwure geni kasebut ora kasil mateni Anoman. Malah Anoman mabur kanthi nggawa geni neng awake. Geni kang digawa banjur diawut-awut neng pojok-pojoke praja nganti sanagara kobong kabeh. Akeh prajurit mati saka pangamuke Anoman. Sawise Ngalengka kobong Anoman banjur mulih saprelu sowan marang Prabu Ramawijaya ing Pancawati. Ing pinggirane segara kang misahake Ngalengka lan Pancawati, Anoman nemokake Raden Wibisana (adhine Prabu Dasamuka) kang semaput amarga dikepruk kangmase dhewe banjur diusadhani dening Anoman. Minangka rasa panuwune, Anoman diterake bali menyang Pancawati dening Raden Wibisana. Sabanjure teka ing Pancawati Raden Wibisana diangkat dulur enom dening Ramawijaya lan didadekake penasihat raja. Mengkone saka Raden Wibisana kasebut Prabu Ramawijaya bisa mangreteni titik lemahe para senopati Ngalengka. Anoman kang slamet bali maneh menyang Pancawati banjur crita ngenani lakune menyang Ngalengka lan nuduhake susuk kondhene Dewi Shinta kang mratandhakake gelem baline Dewi Shinta yen dipapag Prabu Ramawijaya.





B.       Wangsulana manut isine wacan !
     1. Geneya Anoman lan Anggada padu pamer kekuwatan?
.........................................................................................................................................
     2. Geneya Bathara Surya gelem ngendheg lakune srengenge?
.........................................................................................................................................
     3. Sapa kang paring pambiyantu Anoman saengga bisa ketemu Dewi Shinta?
.........................................................................................................................................
     4. Apa kang diprentahke Dasamuka nalika ngerteni Anoman wis kacekel dening Indrajid?
.........................................................................................................................................
     5, Apa kang ditindakake Anoman sakwise bali menyang Pancawati?
.........................................................................................................................................

C.      Garapen miturut prentah kang cumawis!

1.      Golekana paraga (tokoh) lan wateg kang ana ing wacan “Anoman Duta”!
Paraga
Wateg
1.  Ramawijaya
2.
3.
4.
.....
.....
Wicaksana, lembah manah, sabar
....
....
....
....
....


2.      Banjur klompokna manut jinise paraga !
Antagonis
(watak ala)
Protagonis
(watak becik)
Tritagonis
(paraga penengah)







RPP Bahasa Jawa 1 lembar kelas 9 sem 1



RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN

R P P


Satuan Pendidikan                :  SMP N 3 Rembang
Mata Pelajaran                       :  Bahasa Jawa
Kelas/Semester                      :  IX / 1
Materi pokok                         : Cerita Wayang Ramayana ( Anoman Duta)
Alokasi Waktu                      : 2 X40 Menit

       
Tujuan Pembelajaran
Pengetahuan
(KD 3)
Keterampilan
(KD4)
           1 Siswa dapat memahami teks cerita Ramayana (anoman Duta)
      2. Siswa dapat menanggapi isi teks Cerita Ramayana (Anoman Duta) dengan ragam ngoko dan krama
3.1 Memahami teks cerita  Ramayana (Anoman Duta)

4.1 Menanggapi isi teks cerita Ramayana Anoman Duta dengan  ragam ngoko dan krama.
IPK
IPK
Menjawab pertanyaan bacaan 
Menyusun kembali cerita wayang Ramayana (Anoman Duta) dengan bahasa sendiri menggunakan ragam bahasa ngoko dan krama.
Menceritakan
KEGIATAN PEMBELAJARAN
Model Pembelajaran:
  PBL

Deskripsi:
Siswa secara mandiri menjawab pertanyaan bacaan dan menyusun kembali cerita Wayang Anoman Duta
SKENARIO PEMBELAJARAN
Mengamati:
·         Siswa mengamati video yang berisi konten Anoman Duta dengan kritis.
·         Guru mengamati aktifitas siswa.
Menanya:
·         Guru mengajukan pertanyaan berkaitan cerita yang telah diamati
·         Siswa menjawab pertanyaan guru
Mengeksplorasi:
·         Siswa menggali pengetahuan baru dari sumber lain (teks)dan mengkaitkan dengan informasi yang diperoleh dari tayangan video
Mengasosiasi:
·         Secara kolaborasi siswa menyusun kembali cerita Wayang Ramayana ( Anoman Duta) dengan bahasa sendiri menggunakan ragam bahasa ngoko dan krama
Mengkomunikasikan:            
·         Siswa mempresentasikan hasil penyusunan cerita,  siswa lainnya menanggapi. Sementara itu, guru memantau dan melakukan penilaian baik penilaian sikap, pengetahuan dan keterampilan.
MEDIA ALAT, SUMBER PEMBELAJARAN
Alat  : Laptop, Roll, LCD
Media  : Video Anoman Duta / Teks Anoman Duta
Sumber :
a.    Priyantono. Sawukir. Marsudi Basa lan Sastra Jawa. Jakarta : 2018. Penerbit Erlangga
b.    Diktat Sekolah
PENILAIAN;

Bentuk Instrumen
Teknik
Evaluasi
Remidial
Pengayaan
Evaluasi tertulis
Remidial tertulis
Pengayaan tertulis
Tes tertulis
Tes lisan

                                                                                          

                                                                                                            Rembang, 10 Juli 2020          
           Kepala Sekolah                                                                        Guru Mapel                            



            Menik Mustikatun, S.Pd.                                                        DF. Paramita, S.Pd.
        NIP. 19690515 200501 2 010                                                NIP. 19830712 200903 2 010 





RENCANA PELAKSANAN PEMBELAJARAN
(RPP)

Satuan Pendidikan      :   SMP Negeri 3 Rembang
Mata pelajaran             :   BahasaJawa
                                    Kelas / Semester          :  XI/1(satu)
Materi Pokok              :  Serat Wulangreh Pupuh Dhandganggula
                                    Alokasi Waktu            :  1 X pertemuan2jp)



A.    TUJUAN PEMBELAJARAN;
Setelah mengikuti proses pembelajaran dengan mengamati teks narasi peserta didik diharapkan dapat :
1. Mengartikan kata-kata sukar Serat Wulangreh pupuh Dhandhanggula.
2. Menuliskan isi serat Wulangreh pupuh Dhandhanggula dengan ragam bahasa Jawa yang baik.
3. Mengidentifikasi dan mendiskusikan ciri- ciri tembang Dhandhanggula.
.
B.     LANGKAH-LANGKAH KEGIATAN PEMBELAJARAN
Pendahuluan
1.      Mengawali dengan apersepsi seputar Serat wulangreh Pupuh Dhandhanggula dengan tayangan teks Tembang Dhandhanggula, kemudian bertanya : “ Sapa sing mangerteni jenenge tembang? Banjur tembang iku kalebu jinise tembang apa?”

Kegiatan inti
1.    Peserta didik memperhatikan tayangan teks tembang Dhandhanggula.
2.    Peserta didik melakukan kegiatan literasi dengan membaca teks tembang Dhandhanggula.
3.    Peserta didik mengartikan kata-kata yang dianggap sulit yang terdapat dalam teks tembang Dhandhanggula cara bertanya jawab secara klasikal.
4.    Peserta didik menjawab pertanyaan tentang isi wacana
5.    Pesertadidik menganalisis ciri-ciri tembang Dhandhanggula.

Penutup:
1.    Guru bersama-sama peserta didik melakukan refleksi tentang proses dan hasil pembelajaran  yang telah dicapai.
2.    Guru memberikan tugas kelompok untuk membuat pertanyaan-partanyaan dan tanggapan untuk ditujukan kelompok lain.
B.     PENILAIAN
             1. Pengetahuan
                       a.          TeknikPenilaian                : Tes Objektif
                       b.          BentukInstrumen             : Tes isian singkat
                       c.          Kisi-kisi                            :
             2. Keterampilan
a.         TeknikPenilaian                : Tes praktik
b.         BentukInstrumen             : Tes uji petik kerja dan produk


                                                                                                            Rembang, 10 Juli 2020          
Kepala Sekolah                                                                                   Guru Mapel                            



Menik Mustikatun, S.Pd.                                                                    DF. Paramita, S.Pd.
NIP. 19690515 200501 2 010                                                             NIP. 19830712 200903 2 010






                                       RENCANA PELAKSANAN PEMBELAJARAN
(RPP)

Satuan Pendidikan      :   SMP
Matapelajaran              :   Bahasa Jawa
                                    Kelas/Semester            :   IX/1(satu)
Materi Pokok              :   Teks deskripsi tentang Upacara Adat Mitoni
                                    Alokasi Waktu            :   1 X pertemuan (2 jp)




 A.      TUJUAN PEMBELAJARAN;
Setelah mengikuti proses pembelajaran dengan mengamati teks deskripsi peserta didik diharapkan dapat :
1.         Dapat menemukan kata-kata sulit dalam bacaan
2.         Dapat menjawab pertanyaan dalam bacaan
3.         Menyebutkan urut-urutan upacara adat mitoni
4.         Mengidentifikasi peralatan upacara adat mitoni
5.         Mendeskripsikan urut-urutan upacara adat mitoni
6.         Mendemonstrasikan urut-urutan upacara adat mitoni

B.       LANGKAH-LANGKAH KEGIATAN PEMBELAJARAN
Pendahuluan
1.    Mengawali dengan apersepsi mencermati paparan makna tembang macapat maskumambang.

     Kegiatan inti
1.         Peserta didik memperhatikan konsep dan fakta teks deskripsi tentang urut-urutan upacara adat mitoni.
2.         Peserta didik melakukan kegiatan literasi dengan membaca  teks  deskripsi tentang urut-urutan upacara adat mitoni.
3.         Peserta didik mengartikan kata-kata yang dianggap sulit yang terdapat dalam wacana yang didengarkan dengan cara bertanya jawab secara klasikal.
4.         Peserta didik menjawab pertanyaan tentang isi wacana
5.         Peserta didik menganalis isi dengan cara berdiskusi tentang isi wacana yang didengarkan.
6.         Peserta didik membuat kelompok
7.         Peserta didik mengumpulkan peralatan yang dibawa dari rumah
8.         Peserta didik mendemonstrasikan tahapan  upacara adat mitoni

     Penutup:
1.      Guru bersama-sama peserta didik melakukan refleksi tentang proses dan hasil pembelajaran yang telah dicapai.
2.      Guru memberikan tugas kelompok untuk membuat partanyaan-partanyaan dan tanggapan untuk ditujukan kelompok lain

C.      PENILAIAN
1.         Pengetahuan
a.       Teknik Penilaian           : Tes Objektif
b.      Bentuk Instrumen         : Tes isian singkat
c.       Kisi-kisi                                   
2.           Keterampilan
a.         Teknik Penilaian          : Penilaian Produk
b.         Bentuk Instrumen        : produk


                                                                                                            Rembang, 10 Juli 2020          
Kepala Sekolah                                                                                   Guru Mapel                            



Menik Mustikatun, S.Pd.                                                                    DF. Paramita, S.Pd.
NIP. 19690515 200501 2 010                                                             NIP. 19830712 200903 2 010


  Modul 3.1.a.9 Koneksi Antar Materi: Pengambilan Keputusan Sebagai Pemimpin Pembelajaran Oleh : Dwi Fitri Paramita, S.Pd., M.Pd. Guru SMP N...