DONGENG MAPAN TURU
Nambah Raketing Katresnan Marang Putra
Dongeng Kancil 2: Slendhange Kanjeng Nabi Sulaiman
Sawuse ucul saka kurungane Pak Tani, sipat kuping anggone
lumayu ngedohi omahe Pak Tani. Bareng wis adoh, si Kancil nyuda playune,
lumaku karo ngulur napase sing meh pedhot. Kejaba merga anggone lumayu, uga
merga rasa wedine yen nganti kecekel maneh dening Pak Tani. “Kelakon dadi
dhendheng, utawa abon, yen nganti ora bisa ngapusi si Kapri, kirike Pak Tani”
ngono unine batine Kancil.Sinambi lumaku alon, Kancil ngenam-nam pikire, kudu menyang ngendi anggone lumaku. Nedheng lumaku karo ngalamun, tratapan atine Kancil jalaran ing dalan sangarepe ana barang kang katon nglumbruk, bunder, warnane kaya jarik bathik. Barang mau ngebaki dalan kang arep diliwati kancil. Ditamatake kanthi setiti, katon menawa barang mau ula sawa kembang kang gedhe banget. Arep dilumpati, samar yen ulane tangi banjur nyaplok si Kancil. Arep nyimpang, dalane rumpil. Yen arep bali, samar ketututan Pak Tani, utawa si Kapri kang wus kasil diapusi. Mula si Kancil mandheg, mikir kudu kepriye ngadhepi kahanan kuwi.
“Kecekel saiki. Kowe arep mlyau menyang ngendi, Cil?” mengkono bengoke Kapri karo nubruk awake Kancil saka buri. ‘Ora nyono, jebul omongamu kabeh goroh. Kowe ora adipek mantu karo Pak Tani, nanging arep dibelih kanggo lawuh. Mula ayo saiki kowe bali dak sowanake Pak Tani, supaya aku oleh bebungah pangan luwih enak tur akeh”
“Sssst……. aja bengak-bengok. Ngertiya, suwaramu ki elek banget, mengko mundhak aku didukani yen nganti barang sing dak tunggu iki rusak merga suwaramu”, ngono semaure Kancil karo aweh sasmita supaya Kapri ora kakehan polah.
“Ora, Cil. Awakmu ki oleh dhawuh saka sapa, kanggo nunggu apa?, si Kapri pitakon kepengin ngerti.
“Ngene lho, Pri. Sauculku saka omahe Pak Tani mau aku kepethuk Kanjeng Nabi Sulaiman. Aku didukani merga wis ngrusak tandurane Pak Tani, lan ngapusi awakmu. Mula kanggo nebus dosa lan luputku mau, aku didhawuhi ndherek Kanjeng Nabi Sulaiman”, ngono apus kramane Kancil.
“Ah……. tenane Cil???…….. Lha, terus saiki Kanjeng Nabi Sulaiman ana ngendi?” Katon yen apus kramane Kancil
“Kanjeng Nabi Sulaiman nembe siram ana kedhung sangisore wit nagasari. Mula saka iku aku didhawuhi supaya ana kene njaga slendhang bathik kagungane Kanjeng Nabi. Aku diwanti-wanti, sapa wae ora kena nyenggol slendhang bathik mau. Apa maneh nganti nganggo slendhang kuwi. Tohe guluku yen nganti dhawuh mau dak lirwakake” sambunge Kancil.
“Slendhang bathik?????. Endi, Cil? Mbok aku diwenehi weruh”, panguwuhe Kapri memelas kepingin ngerti.
“Prayogane aja, Pri. Aku was sumelang, yen
‘Wis ta, Cil. Aku janji”, asu mau ngoyak penjaluke marang Kancil.
“Yen
“Wah, iya Cil. Saeba senenge atiku yen bisa nggawa slendhang kuwi bali, dak aturake marang Pak Tani. Bisa dienggo garwane Pak tani menawa jagong” celathune Kapri, si asu.
“Wah…… aja Pri. Apa kowe seneng yen nganti guluku pedhot kena pedhange Kanjeng Nabi Sulaiman?” Kancil ngomong api-api keweden.
“Pokoke aku meksa. Oleh ya dak ora oleh ya tetep dak gawa. Yen kowe ngalang-alangi, rawe-rawe rantas, malang-malag dak putung. Kowe arep apa, Cil?? ngono ancamane Kapri si asu.
“Kepriye ya, Pri. Aku wedi didukani”
“Watone awakmu enggal lunga ora usah ndherek Kanjeng Nabi Sulaiman, rak beresta Cil”
“Ya…..
Salungane kancil, si Kapri nyedhaki barang sing jarene slendhang bathike Kanjeng Nabi Sulaiman mau. Ditamatake, bathikane pancen apik banget, katon yen regane larang. Sumurup kancil wis tekan sangisore wit aren, agahan Si Kapri grayah-grayah arep njupuk barang mau. Mesthi wae ula sawa gedhe sing maune turu iku kaget lan tangi saka turune. Weruh ana asu ing sangarep irunge, cepet thathit si ula mau nyahut awake si Kapri, diukel, lan sabanjure diuntal wutuhan.
kancil kang weruh kedadeyan mau ora tegel, mula enggal-enggal lumayu. Kejaba ora tegel, atine samar yen nganti ula mau durung wareg banjur ngoyak si Kancil. Mula saka iku, nganti adoh, si Kancil nembe nglempreh anggone lumayu jalaran
Dongeng Kancil 3: Gonge Nabi Sulaiman
Sawise kasil ngapusi Si Kapri, asune pak Tani sing bodho
nanging srakah, Kancil lumaku alon mlebu alas kang rada rungkut, wit-witane
gedhe-gedhe tur dhuwur. Jalaran kesel tur wetenge luwe, dadine si Kancil krasa
lungkrah lan ngantuk. Mula saka iku, bareng kepethuk wit srikaya kang akeh wohe
lan mateng-mateng, Kancil mandheg kepingin mangan woh srikaya mau. Ana sawetara
srikaya mateng kang Rasa ngantuk lan awak kesel, ditambah weteng wareg njalari matane kancil ora gelem melek maneh. Gelem ora gelem Kancil turu ana sangisore wit srikaya mau, angler malah kepara ngorok. Sedina muput anggone Kancil turu durung tangi. Bareng wetenge
“Weee lha….. kapan tekamu ana kene kang kethek?” pitakone Kancil marang kethek kang lagi iwut mangan srikaya.
“Kudune sing takon ki aku, Cil. Sebab ing papan iki saben dina aku golek pangan. Eeeeee ….. nalika aku teka kene kok awakmu turu ngorok ana kene. Saka ngendi lan arep menyang ngendi kowe, Cil?” semaure kethek mau.
“Kaya biasane, Thek…… aku mlaku-mlaku. Mung wae pas tekan kene esuk mau aku kepethuk Kanjeng Nabi Sulaiman, banjur didhawuhi nunggu kagungane gong kang disimpen ing pang wit srikaya gedhe iki. Aku diwanti-wanti, sapa wae ora kena nyedhaki, ndemok, apa maneh nabuh gong mau. Jalaran yen nganti ditabuh dening sebarang makhluk, swarane gong mau bisa njalari lindhu gedhe lan larang udan.” pratelane Kancil sajak wigati.
“Begja temen awakmu. Cil. Dipercaya kanjeng nabi Sulaiman kanggo njaga kagungane gong. Yen pancen olehe nyimpen gong mau ana kene, mesthine aku sing didhawuhi nunggu, dudu awakmu, Cil. Yen aku nyoba nabuh gong mau oleh apa ora, Cil?” Si Kethek katon kepingin.
“Aku mau rak wis ngomong tho, Thek. Yen nganti gong mau ditabuh dening sebarang makhluk saliyane Kanjeng nabi Sulaiman, bisa mbilaheni” wangsulane Kancil sajak ora lila.
“Satenane awakmu wis nate krungu swarane gong kuwi apa durung, Cil?” Si Kethek ngoyak penjaluke.
“Waaah, ya durung. Jalaran aku dhewe wedi sapudhendhane yen nganti krungu swarane gong kuwi. Apa maneh resikone tumrape sabarang kang urip ana ngalam donya. Yen nganti ana lindhu gedhe, lan larang udan, bisa mbilaheni” Kancil nerangake.
“Yen ana sarusikune, mengko aku dhewe sing bakal nanggung. Yen nganti Kanjeng nabi Sulaiman duka, kareben aku sing didukani. Awakmu ora perlu wedi, Cil. Priye, Cil. Oleh ya…. aku nabuh kepingin ngrungokake swara gong kuwi?”, penjaluke Kethek sansaya ngoyak.
“Yen pancen adreng kekarepanmu, aku ora bisa maneh ngalang-alangi. Nanging, supaya yen ana dukane Kanjeng Nabi Sulaiman, aku ora katutan kena duka, sadurunge kowe nabuh gong kuwi, aku tak lunga dhisik sing adoh. Jalaran aku wedi tenan karo swarane gong kuwi, samar yen kupingku sing apik iki mengko dadi budheg.” Kancil nyetujoni kekarepane Kethek sajak kabotan.
“Aku manut” sambunge Kethek sajak bungah.
“Mengko yen awakmu arep menek nabuh gong, undang-undango aku dhisik. Yen aku isih semaur, kowe aja menek dhisik. Nanging yen aku wis ora semaur, sakarepmu olehmu bakal nabuh. Tegese aku
Let rada suwe, Si Kethek mbengok. “Ciiiiiiiil,
“Oooooiiiiiii, mengko dhisik. Sedhela maneeeeeeh”, semaure Kancil saka kadohan.
Kethek sing sumurup barang nggadhul ing pang srikaya kang sacedhake kebak woh srikaya mateng-mateng wiwit ngiler, age-age menek. Sadurunge nabuh gonge Nabi Sulaiman, Kethek ngundang kancil sepisan maneh. “Ciiiiiiiiiiil, kepriye yen saikiiiiiiiii…..???”
Dienteni sawetaran karo mangan srikaya
“Wowww,….. wadhuuuuuuuuuuuuh, tobaaaaaaaaat” srikutan Si Kethek mudhun saka wit srikaya mau. nanging tawon gung kang nesu tansah nututi lumayune Kethek karo ngentupi. Weruh ana kedhung, Si Kethek ambyur nyilem sajerone kedhung nganti sawetara ngampet ambegan. Bareng dirasa tawon gung wis padha lunga, Si Kethek mentas karo nggetuni nganti diapusi Kancil. Atine kethek ngigit-igit kepingin males pokale Kancil. Kethek iku lungguh dheleg-dheleg karo ngrasakake awake sing lara abuh dientupi tawon.
Dongeng Kancil 4: Jenange Nabi Soleman
Kancil kang nembe lumaku ing sapinggiring alas, ngerti
grombolan kebo sing pada iwut mangan suket kang ijo-ijo tur subur. Merga rasa
kesele anggone lumaku, mula si leren dheleg-dheleg ing sangisor wit munggur
gedhe. Ora adoh saka anggone Kancil turu, katon ana barang bunder ireng,
lumayan gedhe. Kena sumilire angin, si Kancil liyer-liyer ngantuk,
theklak-tekhluk senajan ora turu.Ora antara suwe, katon tekane Kethek sing awake padha abuh jalaran dientupi tawon gung. Kethek kang rumangsa jengkel marang Kancil merga diapusi, alon-alon nyedhaki lungguhe kancil banjur nyikeawake Kancil saka mburi. “Kecekel awakmu saiki, Cil. Kowe arep suwala kepriye yen awakmu
Kancil sing kelaran, ora kakehan polah, nanging pikirane mungset golek akal, pye carane uwal saka panyikepe kethek kuwi. “Ora, Thek.Koq awakmu rada bintul-bintul abuk ki merga kakehan mangan walur apa piye?”
“Mangan walur apa? Genah merga pokalmu, aku dientupi tawon gung sepirang-pirang ngono koq” semaure kethek. “Pinujune aku bisa mlayu terus ambyur ana kedhung, yen ora……….
“Wooooo, ngono. Yaaaa….. yen ana luputku, aku njaluk ngapura, Thek. Sing
“Lha yen ora mbok apusi. mesthi war aku ora cilaka, Cil. Kowe gampang wae ngomong mengkono, jalaran kowe ora ngrasakake dientupi tawon gung. Saiki aku njaluk digolekake tamba, sisa karo pangan sebab wetengku
“Wah, piye ya, Thek. Aku ki lagi didhawuhi…………………….” kancil tidha-tidha arep mbacutake omongane.
“Didhawuhi karo sapa??? NabiSoleman??” sahute kethek.
“Kadingaren utekmu encer, Thek. Pancen aku mau didhawuhi nabi Soleman”, semaure kancil setengahe ngumpak atine kethek.
“Hahaha……. mesthi arep ngapusi maneh. Yen masalah gong, genah aku ora percaya. Sebab wetengku wis ngelih tenan, rasane pating plilit.”
“Ora. Iki dudu perkara gong. Aku didhawuhi nunggu jenang dodol gaweyane nabi Soleman. Merga mau isih panas, arep terus digawa tindak karo Nabi Soleman, samar yen astane mlosoh merga panas. Kamangka ngendikane Nabi Soleman, jenang kuwi kejaba enak, maregi, uga ana kasiyate minangka tamba yen kena entup lan upas, sabarang lir upas.” Kancil nerangake rada dawa supaya kethek lali saka nesune lan kena apus kramane.
“Apa tenan omonganmu, Cil? Aja-aja kowe mung arep ngapusi aku maneh?“, si kethek sing pancen ora srantanan yen ngerti pangan wiwit kena tembung manise Kancil.
“Yen ora percaya, ya
“Ana ngendi jenange kuwi, Cil? Mbok aku tak ngicipi sethithik wae. Oleh to Cil??” si kethek ngangseg penjaluke.
“Weeeeh. lha mengko aku didukani no, Thek.Apa kowe wani nanggung yen ana sarusikune?”
“Yen weteng ngelih, apa wae alangane bakal didhadhagi.
“Ya,
“Syarate apa, Cil” Kethek sing
“Syarate anggonmu mlaku saka kene nganti tekan panggonan jenang kuwi kanthi merem, lan irungmu dibunteti. Yen sikilmu utawa tanganmu sing mbok nggo grayah-grayah mlaku
“Lha menkone apa aku ora nabrak-nabrak, Cil.?”
“Ngene. Awakmu saka kene madhep lempeng menyang jenang kuwi. Sawise merem, rada ndhodhok lumaku sinambi grayah-grayah nganggo tangan tengen, dene tangan kiwa mbithet irung” Kancil menehi cara marang kethek.
“Wooo, yaah. Dak wiwiti saiki, ya Cil.” Ngomong ngono karo agahan kethek mlaku dhohok karo merem lan mbithet irung. Weruh kuwi, Kancil kanthi sesidheman lumaku ngadoh lan banjur mlayu sipat kuping mlebu tengahing alas.
Bareng tangane kethek nyenggol anget-anget rada empuk, kaya welinge Kancil mau, agahan nubruk. Bruuuk. Si Kethek ngokop barang sing jarene Kancil jenang, jebul rasane ora enak tur mambu. Agahan si kethek melek mbukak matane. Sepira kagete jebul sing dikokop mau tlethong kebo sing isih anget merga isih anyar.
” Wahhhhh, sida kapusan maneh awakku. Tlethong kebo diunekake jenange Nabi Soleman. Aku iki koq yaaa bodho timen” Ngedumel si kethek nggetuni bodhone karo mlaku marani blumbang kanggo adus ngilangi tlethoing awak lan raine.
Dongeng Kancil 5 : Sulinge Nabi Soleman
Merga ngrasakake kesele awak, kancil mandheg leren ana sacedhake
dhapuran pring. Kapinujon, awan kuwi hawane pancen panas. Sing dadi kawigatene
kancil saka dhapuran pring kuwi, saben ana sumribite angin mesthi keprungu
swara kang ngayut-ayut kaya dene wong kang ngunekake suling. Kena siliring
angin lan swara geritane pring gathuk, kancil dadi ngantuk, liyer-liyer.
Ora let suwe saka anggone antuk-antuk kancil ana tekane macan tutu
ling papan kono. Ngerti ana kancil sing lagi antuk-antuk, si macan mau nubruk
awake kancil saka buri arep di pangan.
“Sapa ya iki salah gawe marang aku. Apa ora ngerti yen aku iki lagi
nindakake dhawuh saka Nabi Soleman.?” Pambengoke
kancil golek akal supaya bisa uwal saka regemane macan tutul.
“Ora usah kakehan omong, yen pancen awakmu arep duwe penjaluk utawa
pesen marang sedulurmu, omonga saiki sadurunge kowe dak pangan, Cil” wangsulane macan tutul karo nambahi keceng anggone mithing awake
kancil sing ora sepiroa gedhene kuwi.
“Yen pancen kowe kepingin mangan dagingku, mengko yen aku wis mbok
pangan , kowe kudu nggoleki Kanjeng Nabi Soleman lan matur kowe sing tanggung
jawab nggenteni kewajibanku” sahute si Kancil karo
pringisan merga kelaran kena kuku-kuku cakare si macan.
“Lha, pancene kowe didhawuhi apa karo Nabi Soleman, Cil?” si macan sajak kepengin mengerti, lan nyuda anggone mithing si
kancil.
“Yen kowe kepingin ngerti apa sesanggemanku tumrape Nabi Soleman,
iki awakku diuculake dhisik, supaya aku bisa ambegan landhung. Mengkone anggonku
ngomong dadi cetha”, atine kancil rada bungah
jalaran rekadayane sajak bakal kasil.
“Dak culke, nanging aja pisan-pisan kowe mlayu. Sepira dayane kowe
mlayu dak oyak mesthi kecekel. Wis, saiki ndang ngomonga, apa dhawuhe Nabi
Soleman marang kowe? Mengko dak genteni nglakoni dhawuh kuwi” omong mengkono karo nguwali anggone mithing kancil.
“Aku iki mau didhawuhi njaga sulinge Kanjeng Nabi Soleman sing
disimpen ngi dhapuran pring iku. Merga krungu swarane suling sing ngayut-ayut,
bareng karo sumilire angin, mataku dadi ngantuk.” Si
kancil njlentrehake sesanggemane marang macan sawise nata ambegan.
“Lha koq aku ora krungu, Cil. Kowe aja ngapusi aku, lho” si macan maido.
“Kanjeng Nabi Soleman ngendika yen sing bisa ngrungokake swara
sulinge kuwi mung kewan sing ora mangan daging. Lha yen kowe, Can, gaweyanmu
saben dina mangani daging kewan liyane sing luwih cilik. Iki Mau aku meh wae
mbok pangan.” Kancil ngethuprus anggone awh
katerangan marang macan.
“Wah……….. kojur iki. Kamangka aku kepingin banget ngrungokake swara
sulinge Kanjeng nabi Soleman sing kondhang kuwi je, Cil. Apa ora ana cara
kanggo ebus kleruku mangani kewan liya supaya aku bisa ngrungokake swara suling
kuwi, Cil” si macan ngarih-arih kancil.
“Kanjeng Nabi Soleman ngendika, yen kanggone kewan sing doyan mangan
daging, yen kepingin ngrungokake swara suling kudu nyebul dhewe, kanthi
nempelake ilate ana cedhak gathukan pring loro kuwi nalika ana angin sumilir
rada banter. Kanthi cara mengkono, suling mau baka muni, lan awakmu bisa ngerti
swarane sulinge Kanjeng Nabi Soleman.” Ngono
pratelane kancil nanggapi pitakone macan.
“Wah….. yen mung ngono kuwi syarate, gampang kanggone aku. Pring
sing endi cil sing kudu dak sebul?” si macan sing wis kebelet kepingin
ngerti swara suling ngangseg marang kancil.
“Ana kene iki. Ilatmu templekna ana pring iki. Mengko yen ana angin,
kowe ora kena kaget, kepara merem. Nanging ngendikane Nabi Soleman, yen sing
ngunekake suling mau seneng mangan daging, suwarane seru tur marakae kupinge
kwan sing ora doyan daging bisa pecah. Nanging tunrape kewan sing doyan daging
bab mau ora dadi masalah. Mula sadurunge ana angin, aku kudu sumingkir rada
adoh” ngono akale kancil arep ngoncati si macan.
“Yaw is, kana awakmu ndang lunga. Tinimbang kowe mengko kelaran
terus bengok-bengok, nggangu anggonku ngrungokake swara suling sing ngayut-ayut
kuwi.” Si macan nggusah kancil karo nyedhaki
dhapuran pring nalika lekas krasa semilire angin.
Mesthi wae si Kancil banjur mlayu sipat kuping ngadoh. Bareng wis sawetara adohe,
kancil noleh jalaran ana gembrubug swara angin kang tumempeuh ing wit-witan.
Macan sing kena apus kramane kancil kuwi nemplekake ilate ing pring sing mau
dituduhake kancil. Bareng karo tekane angin, pring loro sing gathuk mau wiwit
padha gerit ngetokake swara. Merga saka gerite pring loro mau, ilate si macan
kejepit ing antarane pring loro. Si macan njola kepati ngrasakake ilate meh
pedhot, njondhil-njondhil ngrasake larane ilat kang godres getih.
Wadhuh………………………….. wadhuh………………. Jebul si kancil ngapusi aku.
Titenana kapan ketemu bakal dak gaglak tenan”
Macan bengok-bengok karo ngrasakake larane. Lagi krasa menawa dheweke wis diapusi dening
kancil.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar