BAB I
PURWAKA
Kabudayan
ing satunggaling bangsa ngoyot saking kabudayan ingkang dipunkasilaken dening
leluhuripun. Kabudayan sejatosipun wujud saking satunggaling kompleks gagasan, nilai, norma-norma, lan tatanan. Pramila, ing sajroning kabudayan
ngandut tatanan ingkang saged dipundadosaken cepengan ing tata uriping
manungsa. Wujud kabudayan minangka komplek
gagasan, nilai, norma, lantatananmenika dados bahan penelitian para ahli
kasusastran, amargi kompleks gagasan,
nilai, norma-norma, saha tatanan menika kaamot ing sajroning karya sastra.
Karya
sastra ing tlatah Jawi dipunginakaken kangge sarana nyebaraken pesen lan ajaran
ingkang migunani ing ngaurip. Salah satunggaling karya sastra Jawi wonten
ingkang awujud serat. Ing sajroning Serat kaamot ajaran lan pesen ingkang dipun
tujuaken kangge para pamaos, mliginipun para mudha supados para mudha menika
nggadhahi watak ingkang luhur. Kadosta serat Wedhatama ingkang kaanggit dening
Mendiang Sri Mangkunagoro VI ing Surakarta. Serat Wedhatama menika nggadhahi
ancas supadosa para generasi mudha ing Kraton Surakarta saged nyerep ajaran
ingkang wonten ing sajroning serat menika. Ananging kanthi lampahing jaman, isi
lan ajaran saking Serat Wedhatama menika mumpangati kangge sinten kemawon, ugi
seged dipunginakaken ngantos wekdal ingkang boten winates. Pramila, boten
nggumunaken bilih kathah tiyang ingkang remen kaliyan Serat Wedhatama,
mliginipun masyarakat Jawi. Serat menika ugi dipunremeni dening bangsa manca
kadosta: Amerika lan Australia.
Wedharan
ing nginggil menika nglatari peneliti mbedhah babagan ajaran pendidikan moral
ingkang wonten ing sajroning Serat Wedhatama. Pendidikan moral ingkang badhe
dipunbedhah inggih menika pendidikan moral ing sajroning pupuh Pocung. Pocung
sejatosipun saking tembung pocong. Teges simbolisipun inggih menika manungsa
ingkang sampun dumugi ing pucuk, kathah pesen lan ajaran ingkang kaamot ing
pupuh Pocung menika ingkang saged dipunginaaken minangka sangu saderengipun
pejah (dipocong).
BAB II
GEGARAN
TEORI
A.
Nilai
Nilai miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia
anggitanipun Poerwadarminta (1990:756) inggih menika sipat utawi sawetawis
ingkang wigati utawi migunani kangge kamanungsan. Sejatosipun, nilai menika
samubarang ingkang dados sebab menapa menungsa tansah ngupadaya prekawis kangge
nginggilaken kwalitasipun manungsa
piyambak.
B.
Pendidikan
Pendidikan inggih menika upadaya manungsa ingkang terorganisir lan tinata supados saged ngrembakakaken potensinipun, potensi fisik, emosi, tata laku, moral, pengetahuan, lan
ketrampilan ing pangajab ndadosaken manungsa dewasa ingkang mangertosi hak
lan kewajibanipun, saengga saged mbangun dhiri pribadi, kulawarga, sarta
masyarakat.
Miturut Syam (1987:2) pendidikan saged dipuntegesi
minangka upadaya manungsa supados nggadhahi
kapribaden ingkang cocog kaliyan nilai ing sajroning masyrakat lan
kabudayan. Pendidikan boten namung saking lembaga formal kemawon, ananging
pendidikan ugi saged kalampah ing sajroning lingkungan masyarakat lan
kulawarga. Pendidikan ingkang kados menika boten kaiket wekdal, tegesipun kapan
lan wonten pundi kemawon pendidikan saged kalampahan. Wedharan ing nginggil
menika dipun wastani Pendidikan Sepanjang
Hayat (Long Life Education).
Pendidikan ingkang kaamot ing sajroning karya sastra
kelabat Pendidikan Sepanjang Hayat, amargi saged kalangsungaken kapan kemawon
lan wonten pudi kemawon.
C.
Moral
Moral miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia (1990:665) inggih menika
ajaran babagan samubarang ingkang sae lan awon ingkang saged dipuntampi
masyarakat umum ingkang ginayur kaliyan tata laku, tata krama, kewajiban,
akhlak, budi pakarti, lan tata susila. Moral ugi dipunsebat ajaran babagan
sawetawis ingkang sae utawi awon ingkang saged dipundadosaken cepenganing
ngaurip manungsa utawi masyarakat.
D.
Pendidikan Moral
Pendidikan moral inggih menika upadaya nylarasaken
nilai moral lan spiritual ingkang dipun betahaken manungsa supados saged milih
kanthi wicaksana samubarang ingkang sae lan ingkang awon kangge tuntunan tata
laku ing ngalam donya ingkang ruwet menika.
Dados, nilai pendidikan moral saged dipunwastani
minangka ajaran ingkang dipunturunaken dhumateng tiyang supados saged milih
kanthi wicaksana prekawis ingkang sae utawi ingkang awon kangge cepengan gesang
ing alam donya.
E.
Pocung
Pocung tegesipun menawi tiyang sampun seda menika
dipunpocong utawi diwungkus kados pocongan, pramila wonten : (a) pocong tunjung
seta, dipunparingi tunjung (sekar) awarni pethak lan dipunwungkus kaliyan kain
pethak, pangajabipun supados antuk kasucen, wonten ugi (b) pocong madusita,
sita tegesipun pethak lan madu tegesipun manis. Ing pangajab dosanipun kalis
lan antuk panggenan ingkang sae. (Suwardi, 1999:32)
Pocong menika nggandhahi teges bilih manungsa sampun
puput anggenipun urip ing alam donya, sampun dugi ing titi mangsanipun. Pramila
saderengipun puput yuswa, manungsa kedah nggadhahi sangu kangge ngadhep Gusti
Allah. Sangu ing dinten akhir menika dipunangsal saking gesang ing alam nyata,
lan gesang ing alam nyata menika kedah wonten cepenganipun, pramila nilai moral
minangka cepengan gesang ugi kedah diunkuwataken.
F.
Wedhatama
Wedhatama rinonce saking kalih tembung, inggih menika
wedha lan utama. Wedha saking basa Sansekerta tegesipun kawruh, (ilmu)
pengetahuan (Mardiwarsita, 1979:670). Utama saking basa Sansekerta, miturut
Baoesastra Djawa (1937:447) tegesipun becik utawi linuwih. Dados, Wedhatama
tegesipun kawuh kangge nggayuh watak utawi budi ingkang luhur/sae kangge
satunggaling manungsa.
BAB III
ASILING PANALITEN SAHA PANGREMBAGIPUN
Serat Wedhatama menika kaanggit dening Mendiang Sri
Mangkunagoro IV Surakarta ingkang nggadhahi nama jangkep Kanjeng Gusti Pangeran
Adipati Ario Mangkunagoro IV.
Aslinipun,
naskah Wedhatama menika awujud puisi (tembang) ingkang cacah 100
(setunggalatus) pada, rantamaninipun inggih menika: pupuh Pangkur 14 pada,
pupuh Sinom 18 pada, pupuh Pocung 15 pada, pupuh Gambuh 35 pada, lan pupuh
Kinanthi 18 pada.
Serat Wedhatama ngandut ajaran-ajaran utawi tuntunan
ngaurip ingkang kathah sanget. Salah satunggaling ajaran ingkang kaamot ing
sajroning Serat Wedhatama inggih menika ajaran moral. Pramila ing ngandhap
menika kawedharaken nilai pendidikan moral menapa kemawon ingkang wonten ing
sajroning Serat Wedhatama, mliginipun nilai pendidikan moral ing sajroning
pupuh Pocung, Serat Wedhatama.
Ing ngandhap menika teks pupuh Pocung lan terjemahanipun:
|
No. pada
|
Teks asli
|
Terjemahan bebas
|
|
1.
|
Ngelmu iku,
Kalakone kanthi laku,
Lekase lawan kas,
Tegese kas nyantosani,
Setya budya pengekese dur angkara.
|
Ngelmu menika
saged kawujud menawi dipunlampahi. Dipunwiwiti kanthi niyat, niyat menika
ingkang ndadosaken sentosa. Budi ingkang setya saged nggempur nafsu angkara.
|
|
2.
|
Angkara gung,
Neng angga anggung gumulung,
Gegolonganira,
Triloka lekere kongsi,
Yen den umbar ambabar dadi rubeda.
|
Nafsu angkara
ingkang ageng ing sajroning dhiri tansah makempal kaliyan klompok nafsu.
Ngantos anggubet tigang donya. Menawi dipunkedelaken, saged ngrembaka dados
mbebayani.
|
|
3.
|
Beda lamun,
Kang wus sengsem reh ngasamun,
Semune ngaksama,
Sasamane bangsa sisip,
Sarwa sareh saking mardi martatama.
|
Benten kaliyan
ingkang sampun sengsem ing rokhaniah. Tansah paring pangapura ing sedaya
kalepatan. Sabar amargi ngupadaya budhi ingkang utama.
|
|
4.
|
Taman limut,
Durgameng tyas kang weh limput,
Kerem ing karamat,
Karana karoban ing sih,
Sihing sukma ngrebda saardi gengira.
|
Ing kahanan
sepen, manah ingkang boten sae ngrembaka. Ndadosaken kerem kasebabaken
rahmat, amargi dipunkuwasani dening tresna asih. Tresna asihing manah
ngrembaka sagunung agengipun.
|
|
5.
|
Yeku patut,
Tinulad tulad tinurut,
Sapituduhira,
Aja kaya jaman mangkin,
Ken pramudha mundhi dhiri rapal makna.
|
Sakmenika
ingkang pantes dipuntuladha lan dipunturut. Ampun kados jaman sakniki, kathah
para mudha ingkang ngagungaken donga mantra.
|
|
6.
|
Durung pecus,
Kesusu kaselak besus,
Amaknani rapal
Kaya sayid weton Mesir,
Pendhak-pendhak
angendhak gunaning janma.
|
Dereng pinter
ananging kesesa kepengin anggak. Nerangaken donga, kados turunan Nabi saking
Mesir. Asring ngandhapaken kapinteran tiyang sanes.
|
|
7.
|
Kang kadyeku,
Kalebu wong ngaku-aku,
Akale alangka,
Elok Jawane denmohi,
Paksa langkah ngangkah met kawruh ing Mekah.
|
Ingkang kados
menika, kalebet tiyang ingkang ngaku-aku. Pandangonipun boten saged
dipuntampi akal. Aeng, boten remen nJawani. Meksa dhiri pados kaeruh ing
Mekah.
|
|
8.
|
Nora weruh,
Rosing rasa kang rinuruh,
Lumeketing angga,
Anggere padha marsudi,
Kana kene kaanane nora beda.
|
Boten mangertos
thelengeing samubarang ingkang dipunpadosi. Kelet ing badanipun piyambak.
Menawi sedaya kersa ikhtiyar, ing pundi kemawon kahanan boten benten.
|
|
9.
|
Uger lugu,
Den ta mrih pralebdeng kalbu,
Yen kabul kabuka,
Ing drajad kajating urip,
Kaya kang wus winahya sekar srinata
|
Menawi temenan
anggenipun ningkataken pikiran, yen ta kinabul kabuka ing sajroning derajat
(tingkat) kepenginan gesang. Kados ingkang sampun kasebat.
|
|
10.
|
Basa ngelmu,
Mupakate lan panemu,
Pasahe lan tapa,
Yen satriya tanah Jawi,
Kuna kuna kang ginilut tripakara.
|
Ingkang
dipunwastani ngelmu cocogipun kaliyan pamanggih (logika). Kasilipun kanthi
tapa. Kangge satriya Jawi jaman rumiyin, ingkang dados tuntunan tigang
perkawis.
|
|
11.
|
Lila lamun,
Kelangan nora gegetun,
Trima yen ketaman,
Sakserik semeng dumadi,
Tri legawa nelangsa srah ing Bathara.
|
Lila menawi
kelangan, boten gela. Narima (sabar) menawi dipunpilara tiyang sanes. Tiga:
ikhlas, srah ing Gusti.
|
|
12.
|
Bathara Gung,
Inguger graning jajantung,
Jenek hyang wisesa,
Sana pasenedan suci,
Nora kaya si mudha mudhar angkara.
|
Ingkang Maha
Agung dipunpanggnaken ing thelenging manah. Ingkang Maha Kuwaos kerasan ing
panggen ingkang suci. Boten kados pratingkahipun tiyang mudha ingkang nuruti
angkara.
|
|
13.
|
Nora uwus,
Kareme anguwus uwus,
Uwose tan ana,
Mung janjine muring-muring,
Kaya buta buteng betah nganiaya.
|
Boten kendhat,
remen anggenipun nyacad. Tanpa isi, namung waton duka kemawon. Kados raseksa,
gampil duka lan nganiaya.
|
|
14.
|
Sakeh luput,
Ing angga tansah linimput,
Linimpet ing sabda,
Larka tan ana udani,
Lumuh ana ardane ginawa gada.
|
Sedaya
kalepatan ing badan dipuntutupi. Dipunwalik, dipunanggep boten wonten ingkang
mangertos. Boten purun dipunsebat awon/klentu, sifat angkaranipun dados
gaman.
|
|
15.
|
Durung punjul,
Ing kawruh kaselak jujul,
Kaseselan hawa,
Cupet kapepetan pamrih,
Tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa.
|
Dereng pinter
ing ngelmu, ananging kesesa dipunwastani wasis. Dipunkancani dening nepsu.
Ngelmunipun ngurang, amargi kalingan dening pamrihipun. Boten saged nyaket
ing Gusti.
|
Nilai-nilai pendidikan moral ingkang kaamot ing pupuh
Pocung Serat Wedhatama inggih menika:
1.
Sedaya prekawis kedah dipunwiwiti kanthi niyat sae.
Indikator : …..,
Lekase lawan kas, Tegese kas nyantosani, Setya budya pengekese
dur angkara (pada 1)
Tembung kas ing pada setunggal menika tegesipun niyat. Dados, sedaya
tumindak menapa kemawon kedahipun dipun wiwiti kanthi niyat ingkang sae supados
kasil kanthi sentosa. Niyat ingkang sae menika uga saged nggempur nafsu angkara
2.
Supadosa dados tiyang ingkang cedhak maring Gusti.
Indikator : ….., Kang wus sengsem reh ngasamun, Semune
ngaksama, Sasamane bangsa sisip, Sarwa sareh saking mardi martatama.(pada 3)
……, Aja kaya jaman mangkin, Ken pramudha mundhi dhiri
rapal makna.
(pada 5)
……, Sana pasenedan suci,Nora kaya si mudha mudhar angkara.(pada 12)
Wedharan ing nginggil nggadhahi teges bilih manungsa kedah cerak maring
gusti, amargi kanthi eling maring Gusti, kita saged dados manunsa ingkang
jembar pangapuranipu, sabar, lan nggadhahi budi utama.
3.
Tresna asih ngalahaken tata laku awon.
Indikator : Taman limut, Durgameng tyas kang weh
limput, Kerem ing karamat, Karana karoban ing sih, Sihing sukma ngrebda saardi
gengira.(pada 4)
Wedharan ing nginggil tegesipun bilih tresna asih ndadosaken manah kebak
ing rahmat.
4.
Supados boten dados tiyang ingkang anggak lan sok pinter.
Indikator : Durung pecus, Kesusu kaselak besus,
Amaknani rapal, Kaya sayid weton Mesir, …….. (pada 6)
Kang kadyeku, Kalebu wong ngaku-aku, Akale alangka, Elok ……. (pada 7)
Nora uwus, Kareme anguwus uwus, Uwose tan ana, Mung …... (pada 13)
……, Larka tan ana udani, Lumuh ana ardane ginawa gada. (pada 14)
Durung punjul, Ing kawruh kaselak jujul, Kaseselan hawa, ……. (pada 15)
Tegesipun bilih sipat anggak lan sok pinter menika boten sa. Kedahipun
kita nggadhahi sipat rundhukking pari,
inggih menika pinter ananging ngandhapaken dhiri (boten anggak.
5.
Tuntunan supados kita tansah ikhtiar.
Indikator : …… Lumeketing angga, Anggere padha
marsudi, Kana kene kaanane nora beda. (pada 8)
Uger lugu, Den ta mrih pralebdeng kalbu, Yen kabul kabuka, …….. (pada 9)
Tegesipun kita kedah tansah ikhtiar, amargi kanthi ikhtiar kita seged
nggranggeh menapa kemawon ingkang dados pangajab kita.
6.
Tuntunan supados kita nglampahi laku prihatin.
Indikator : Basa ngelmu, Mupakate lan panemu, Pasahe lan
tapa, Yen satriya tanah Jawi, …. (pada 10)
Tegesipun kita minangka tiyang gesang supadosa nglampahi laku prihatin
kados para satriya. Aknthi laku prihaatin, kita saged nggayuh menapaa ingkang
dados pangajab kita.
7.
Lila legawa dhumateng sedaya prekara ingkang nemahi
Indikator : Lila lamun, Kelangan nora gegetun, Trima
yen ketaman, Sakserik semeng dumadi, Tri legawa nelangsa srah ing Bathara.
(pada 11)
Tegesipun kita minangka titah sawantah namung nglampahi sedaya garis
ingkang sampun ginarisaken dening Gusti, pramila kedah pasrah lan lila legawa
dhumateng sedaya qodaripun Gusti.
8.
Sabar lan ikhlas menawi dipun pilara tiyang sanes.
Indikator : ……, Trima yen ketaman, Sakserik semeng
dumadi, Tri legawa nelangsa srah ing Bathara. (pada 11)
…..., Uwose tan ana, Mung janjine muring-muring, Kaya buta buteng betah
nganiaya. (pada 13)
Wedharan ing nginggil nerangaken bilih kita kedah sabar, lan lila menawi
wonten tiyang ingkang damel boten keprananing manah kita. Ampun ngantos keraos
serik.
Nilai pendidikan moral ing
nginggil menika nggadhahi ancas ing pangajab mugaa para generasi mudha
nggadhahi watak ingkang sae. Nilai pendidikan moral ingkang kaamot ing
sajroning pupuh Pocung Serat Wedhatama boten saged uwal saking tatanan sae lan
awon, klentu lan leres. Amargi sejatosipun nilai pendidikan moral inggih menika
cepengenipun tiyang gesang ing ngalam donya.
BAB IV
DUDUTAN
Karya sastra Jawi ingkang awujud Serat nggadhahi
kathah ajaran ingkang mumpangati. Ugi Serat Wedhatama ingkang kaanggit dening K
G P A A Mangkunegara IV saking Surakarta ngandut nilai pendidikan moral ingkang
sae menawi dipundadosaken cepenganing gesang. Nilai pendidikan menika saged
mbentuk watak manungsa Jawi ingkang abudi luhur saha asipat religius (manembah
ing Gusti).
Ing pangajab mugaa nilai pendidikan moral ingkang
kaamot ing sajroning pupuh Pocung Serat Wedhatama menika seged katrepaken ing
masyarakat Jawi ing padinanipun.
KAPUSTAKAN
Any, Anjar. 1983. Menyingkap
Serat Wedotomo. Semarang: Aneka Ilmu.
Hastuti, Tri. 1999. Nilai-Nilai
Pendidikan Moral Dalam Cerita Pendek Rubrik Dongeng Nina Bobo Surat Kabar Suara
Merdeka edisi tahun 1996. Tugas Akhir Skripsi. Yogyakarta: Jurusan
Pendidikan Bahasa dan Sastra Indonesia, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas
Negeri Yogyakarta.
Mangkunegara IV, K.G.P.A.A. 1979. Terjemahan Wedhatama. Jakarta: Pradnya Paramita.
Mardiwarsito, L.
1979. Kamus Jawa Kuno-Indonesia.
Flores: Penerbit Nusa Indah.
Poerwadarminta, W
J S. 1937. Baoesastra Djawa. Batavia:
J.B Wolters-Groningen.
Suwardi. 1999. Falsafah
Hidup Jawa. Yogyakarta: Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa
dan Seni, Universitas Negeri Yogyakarta.
Syam, M. Noor Dkk. 1987. Pengantar Dasar-Dasar Kependidikan,
Pengertian dan Hukum Dasar Pendidikan. Surabaya: Usaha Nasional.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar