Bapak/ibu dwija basa Jawa ingkang sutresna. Menika kacawisaken materi pelajaran Basa Jawa
Babagan ANOMAN DUTA kangge siswa kelas IX semester 1
Materi menika saged dipunwucalaken kangge Pembelajaran Daring. Saged dipun share mawi WA, kanthi format word utawi PDF. Ugi saged dipunshare mawi google classroom.
MUGI MUMPANGATI TUMPRAP DWIJA BASA JAWI SAHA PARA SISWA
SUWUN
A. Wacanen kanthi setiti !
ANOMAN DUTA
Prabu
Rama lagi duka amarga Dewi Shinta, garwane, didhusta dening Rahwana. Anoman
banjur diutus budhal menyang Ngalengka kanggo mapag lan nggawa bali Dewi Shinta
nanging katekan wanara liya kang jenenge Anggada. Anggada kepengin dadi utusane
Rama kanggo mapag Dewi Shinta, sakloron padu padha pamer
kakuwatan. Minangka solusine, Prabu Rama banjur menehi sayaembara kanggo
Anoman lan Anggada.
Nalika
ditakoni sapira suwine wektu kang ditempuh kanggo menyang Ngalengka, Anoman
mangsuli butuh wektu sepuluh dina, nanging Anggada bisa nempuh mung pitung dina
bae. Anoman ngudhunake dadi limang dina lan Anggada mangsuli telung dina.
Pungkasane Anoman menang sayembara amarga dheweke sangguh teka ing Ngalengka
kanthi wektu sedina. Anoman banjur budhal dikancani dening Semar, Petruk, lan
Bagong.
Anoman
kepengin cepet-cepet banjur punakawan dilebokake neng kancing gelung Anoman.
Wiwitane Anoman budhal menyang kahyangan kanggo nemoni Bathara Surya lan matur
supaya srengengene diendheg. Kanthi cara mangkono dinane bakal awan terus lan
Anoman bisa teka ing Ngalengka sedina bae kaya janjine. Sawetara suwi mikir,
Bathara Surya pungkasane gelem ngendheg lakune srengenge, iku bae amarga Semar
kang nyuwun marang Bathara Surya. Sawise iku Anoman mudhun maneh nanging lagi
bae midak lemah, dheweke kesedhot segara. Jebule kang nyedhot Anoman iku Ditya
Wil Kataksini kang njaga segara Ngalengka banjur diuntal menyang jero wetenge.
Anoman ngupaya metu saka jero wetenge Wil Kataksini kanthi mbedhah wetenge
nganggo kuku Wajane. Wil Kataksini mati lan Anoman nerusake lakune.
Anoman
kang diuntahake Wil Kataksani tiba ing gunung lan semaput. Punakawan banjur
nggawa Anoman menyang gowa Windu kang ing kono ana wong wadon tapa jenenge Dewi
Sayempraba. Dewi Sayempraba banjur nolungi si Anoman lan punakawan, diwenehi
panganan lan ngombe. Anoman ora bae waras saka larane nanging uga kepranan
marang dewi kasebut. Sawise krasa cukup suka pari suka karo Dewi Sayempraba,
Anoman pamit budhal nerusake laku menyang Ngalengka. Metu saka gowa Anoman
dadak ora bisa ndeleng, dheweke dadi wuta. Anoman lan punakawan sedhih karo
kahanan kaya mangkono amarga dianggep Anoman bakal gagal menyang Ngalengka
kanggo nggawa bali Dewi Shinta kaya kang wis diutus Rama. Anoman dikancani punakawan
mbacutake lakune kanthi grayah-grayah nganti pungkasane Anoman ketemu karo
Garuda Sempati. Garuda Sempati iku kadange Garuda Jatayu kang dipateni Prabu
Dasamuka kanthi pedhang Menthawane nalika nolungi Dewi Shinta. Garuda Sempati
banjur nolungi Anoman lan punakawan nggunakake idune lan ndedonga marang Dewa.
Anoman lan punakawan kasil ndeleng maneh sawise ditambani Garuda Sempati.
Sawise leren sawetara, Anoman atur panuwun marang Garuda Sempati lan pamit
nerusake laku.
Ing
tengahing laku Anoman nglewati dalan kang alus banget kaya babut utawa karpet
nanging jebule iku ilate Ditya Ilatmeja utawa Wil Kataksa. Anoman diuntal maneh
neng jero weteng nanging saiki karo Wil Kataksa. Kaya kang wis tau kedaden,
Anoman mbedhah wetenge Wil Kataksa nganggo kuku wajane. Sawise kasil metu saka
jero wetenge Wil Kataksa, Anoman miber menyeng Ngalengka.
Anoman
kasil tekan ing Ngalengka. Indrajid, putrane Prabu Dasamuka kang mangerteni
tekane Anoman nggoleki dheweke neng sakupenge praja. Anoman ora kasil
ditemokake dening Indrajid amarga sesidheman ing wit nagasari kang ana sajrone
Taman Asoka. Banjur Anoman nembang nganti keprungu swarane Dewi Trijatha
(adhine Prabu Dasamuka). Dewi Trijatha kang mangerteni bab kasebut kaget ana
kethek putih banjur kesengsem. Anoman dielus-elus lan dipangku ing pangkone
Dewi Trijatha.
Kanthi
pitulungan saka Dewi Trijatha, Anoman kasil sowan marang Dewi Shinta banjur
menehake ali-ali saka Prabu Ramawijaya. Yen ali-ali kasebut ora sesek lan bisa
diagem dening Dewi Shinta kanthi longgar mratandhakake yen Dewi Shinta isih
suci. Kabukten yen Dewi Shinta isih suci banjur menehake uga marang Anoman
kanggo diaturake Prabu Rama susuk kondhe minangka pralambang yen Dewi Shinta
ngenteno banget tekane Ramawijaya. Nalika Anoman cecaturan kalawan Dewi Shinta
dumadak kapriksan para prajurit Ngalengka banjur dikepung Indrajid lan
prajurite. Anoman digujer tanpa bisa nglawan. Dheweke digawa menyang pasewakan.
Printahe Dasamuka kang mangreteni bab kasebut, Anoman dicencang tangan lan
sikile kanggo diobong.
Prabu
Dasamuka kang mimpin pembakarane Anoman nyumet geni ngobong kayu. Ora
disangka-sangka dhuwure geni kasebut ora kasil mateni Anoman. Malah Anoman
mabur kanthi nggawa geni neng awake. Geni kang digawa banjur diawut-awut neng
pojok-pojoke praja nganti sanagara kobong kabeh. Akeh prajurit mati saka
pangamuke Anoman. Sawise Ngalengka kobong Anoman banjur mulih saprelu sowan
marang Prabu Ramawijaya ing Pancawati. Ing pinggirane segara kang misahake
Ngalengka lan Pancawati, Anoman nemokake Raden Wibisana (adhine Prabu Dasamuka)
kang semaput amarga dikepruk kangmase dhewe banjur diusadhani dening Anoman.
Minangka rasa panuwune, Anoman diterake bali menyang Pancawati dening Raden
Wibisana. Sabanjure teka ing Pancawati Raden Wibisana diangkat dulur enom
dening Ramawijaya lan didadekake penasihat raja. Mengkone saka Raden Wibisana
kasebut Prabu Ramawijaya bisa mangreteni titik lemahe para senopati Ngalengka.
Anoman kang slamet bali maneh menyang Pancawati banjur crita ngenani lakune
menyang Ngalengka lan nuduhake susuk kondhene Dewi Shinta kang mratandhakake
gelem baline Dewi Shinta yen dipapag Prabu Ramawijaya.
B. Wangsulana manut isine wacan !
1. Geneya Anoman lan
Anggada padu pamer kekuwatan?
.........................................................................................................................................
2. Geneya Bathara Surya
gelem ngendheg lakune srengenge?
.........................................................................................................................................
3. Sapa kang paring
pambiyantu Anoman saengga bisa ketemu Dewi Shinta?
.........................................................................................................................................
4. Apa kang diprentahke
Dasamuka nalika ngerteni Anoman wis kacekel dening Indrajid?
.........................................................................................................................................
5, Apa kang ditindakake
Anoman sakwise bali menyang Pancawati?
.........................................................................................................................................
C. Garapen miturut prentah kang cumawis!
1.
Golekana paraga (tokoh) lan wateg kang ana ing wacan “Anoman Duta”!
Paraga
|
Wateg
|
1. Ramawijaya
2.
3.
4.
.....
.....
|
Wicaksana, lembah
manah, sabar
....
....
....
....
....
|
2.
Banjur klompokna manut jinise paraga !
Antagonis
(watak ala)
|
Protagonis
(watak becik)
|
Tritagonis
(paraga penengah)
|
Jsjjz
BalasHapus