PERANG BHARATAYUDHA
Perang Bharatayudha iku perang gedhe kang kedadeyan ana ing papan Kurusetra. Perang tandhing iki antarane Pandhawa lan Kurawa. Pandhawa lan Kurawa sejatine tunggal Simbah yaiku Abiyasa. Perang iki jalaran rebutan negara Astina. Negara Astina iku duweke Pandhawa, ananging awit hasutane Patih Sengkuni mula Kurawa ngrebut negara Astina. Sengkuni kuwi mau patihe Bala Kurawa kang srakah lan licik.
Perang Bharatayudha kawiwitan nalika Pandhawa lan Kurawa dolanan dhadu. Pandhawa kalah banjur kudu nglakoni ukum buwang ana alas Kamiyaka suwene rolas taun, banjur nyamudana minangka rakyat biyasa ing Krajan Wirata. Sakwise paukuman rampung Pandhawa bali, ananging Kurawa ora gelem menehake Negara Astina. Mula banjur kedadeyan perang gedhe, Pandahawa dipandhegani dening Resi Seta lan Kurawa dipandhegani dening Resi Bhisma.
Perang gedhe Bharatayudha niwasake atusan prajurit. Kurawa kang cacahe satus pejah sedaya. Pandhawa unggul, mula Astina banjur ditata dening Yudhistira. Ananging ora let suwe Yudhistira banjur masrahake Astina marang Parikesit sang putra Arjuna. Yudhistira lan papat adhine laku ngelmu ana ing Gunung Himalaya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar