Dongeng Mapan Turu
Nambah raketing rasa marang putra
Dongeng Kancil 1: Kancil Nyolong Timun
Sawijining dina, rikalane Pak tani menyang sawah niliki
tandurane, banget kaget atine merga tandurane akeh kang rusak. Wit pohong padha
ambruk, kacang prol sing durung tuwa mosak-masik, apa maneh tanduran tikang
nedheng awoh ndadi, ora karuwan. Pak tani ngubengi kabeh tandurane karo
ngudarasa, “Gek sapa sing salah gawe ngrusak tanduranku iki. Yen menungsa
katone dudu, nangin yen kewan kewan apa?” Sinambi ngaso ana gubug, Pak tani
ngenam-nam pikir, kepriye carane nyekel pawongan utawa kewan kang wus ngrusak
tetandurane.
Ana ngomahe, Pak Tani gawe pepethan wong-wongan kaya dene
memedi sawah kang dienggo ngusah manuk. Nanging rada beda karo memedi sawah
kang mung saka damen ditaleni lan diwenehi kudhung caping, wong-wongan mau
digawe memper banget karo kawujudane manungsa. Ing sarandune pawawong-wongan
kang madeg malang
kerik iku diwenehi pulut dicampur aspal kang banget krakete yen didemok. Sore
iku uga wong-wongan mau dipasang ana sawah sacedhae tanduran timun. “Muga-muga
wong-wongan iki mengko ana pigunane”, mengkono batine Pak Tani.
Bengi iku kancil kang wetenge krasa luwe kepingin mbaleni
golek timun ana sawahe Pak Tani kaya wengi sadurunge. Tekan sawah kang ana
tandurane timun, kancil nuli mangan sawarege wetenge. Bareng kancil ndengengek,
atine kancil kaget setengah mati. “Wah konangan aku”, mengkono batine
kancil. Ewo semono, kancil ora wedi keplayu. Kancil mbatin, “yen pancen iki
Pak tani, mesthine aku wis
dicekel, ora mung meneng wae. Iki mesthi mung pepethan, kanggo medeni manuk“
“Eee…… apa dikira aku wedi karo kowe?” Kancil
ngucap karo mlaku ngubengi pepethan iku.
“Yen pancen arep nyekel aku, enggal cekelen. Aku ora
arep mlayu. Ayo….. enggal aku cekelen” Kancil kang mlakune rada mepet
pepethan, kupinge nyenggol tangane pepethan, wulune nempel ing pulut.
“We lha, …….. wani njewer kupingku. Diuculake apa ora?”
, muni mengkono karo ngipat-ngipatake endhase supaya kupinge ucul saka pepethan
mau.
“Eee…….., ngeyel. Dak jotos lho” , ngucap ngono
karo sikile ngarep tengen diantemake menyang pepethan, pas ngenani pundhake
pepethan. Mesthi wae sikile kancil kraket ana pundhake pepethan mau.
“Lho….. malah sikilku dicekel. Yen ora diuculake dak
antem maneh lho” ngomong ngono karo singarep
tengen diantemake ngenani pundhak pepethan. Mula loro-lorone sikile kancil sing
ngarep kraket ing pundhak pepethan.
“Apa njaluk dak dhupak nanggo sikil loro pisan?” Gabrus, sikil buri loro bareng diantemake ngenani tangane pepethan
kang malangkerik. Dadine kancil gumandhul ing pepethan, kraket ora bisa uwal.
Ngrumangsani klerune, kancil mbrebes mili luhe, nangis sesenggukan, sewengi
gumandhul ora bisa turu.
Esuke pak tani kang niliki sawahe nemoni, ana kancil kang
gumandhul ing pepethan. “Ooooo, jebul iki malinge. Mula tanduranku rusak ora
karuwan. Kebenaran ana ngomah wis
kentekan daging kanggo lawuh.” Ucape pak Tani iku dirungokake dening kancil.
Mula atine kancil dadi miris banget. Entek pengarep-arepe kanggo urip. Sikile
kancil diuwali saka pepethan, banjur ditaleni supaya ora bisa mlayu, banjur
digawa mulih menyang omah. Tekan ngomah, kancil mau dilebokake kurungan banjur
ditindhihi kayu gedhe.Sabanjure pak tani ngasah lading gedhe kang kulina kanggo
mbeleh kewan nganti landhep, mingis-mingis. Rampung anggone ngasah lading, pak
tani lume ngomah kanggo ngaso sawetara.
Kancil kang ana jero kurungan, mung dheleg-dheleg karo
matane mbrebes mili, luhe dleweran rebutan metu. Nalikane kancil lagi nggrantes
mikir nasibe kang apes, katon kledhang-kledhang tekane Kapri, asu ingon-ingon
kelangenane Pak Tani. Tuwuh pengarep-arep ing atine kancil. Pikirane
kancil muser golek akal supaya bisa uwal saka kurungan iku.
“Lho….. koq kowe Cil?. Ngapa aawakmu ana jero kurungan,
katon banget yen atimu sedhih. Apa awakmu luwe ora entuk pangan?”, mengkono pitakone si Kapri.
“Ngene lho, Pri. Aku sedhih ora mergo luwe. Nanging
jalaran aku arep dirabekake karo putrine Pak tani sing dhenok kae lho. Kamangka
aku ki rak ora seneng karo dheweke, lha wong si Dhenok yen mlaku wae dhuwur
banget.” Semaure kancil karo katon memelas.
“Ah… tenane Cil??? Aku koq ora percaya karo omonganmu.
Yen pancen Pak tani arep golek mantu, mesthi wae luwih becik milih aku sing wis suwe ngabekti marang
Pak Tani. Ora bakal milih kowe, Cil” si Kapri
nyahut maido omongane kancil.
Bungah atine kancil merga rekadayane bakale kasil. “Kasunyatane
kaya mengkene, Pri. Pak Tani luwih milih aku minangka mantune, kamangka aku ora
seneng. Atiku dadine bingung tenan Pri”
“Ora, Cil. Yen pancen awakmu ora seneng, kepriye yen
dak genteni. Aku gelem dipek matu karo Pak Tani. Dhasare aku rak wis ngerti karo
aten-atene si Dhenok. Piye, Cil Oleh, ya dak genteni?”
“Yen pancen awakmu gelem, aku ora kabotan Pri. Kayu
kang nindhihi kurungan iki singkirna, mengko genti awakmu sing mlebu ana jero
kurungan. Sebab kanggo syarat sadurunge rabi karo menungsa, bangsa kewan kudu
dikurung dhisik” celathune kancil mantep.
Agahan si Kapri, asu kelangenane Pak tani kuwi nyurung kayu
kang nindhihi kurungan, nuli mbukak kurungan. Kancil metu saka kurungan,
sabanjure Kapri kang lumebu ing kurungan. “Wis ya Pri, mengko mundhak
didukani Pak tani, aku arep lunga adoh. Kepenakna anggonmu ngenteni arep dadi
mantune Pak tani”, celathune kancil karo gegancangan lumayu ngedohi omahe
Pak Tani.
Tangi turu, Pak tani agahan metu arep mbleh kancil.
Saekagete bareng sumurup yen sing ana sajeroning kurungan ganti Kapri, asu
kelangenane. “Dhasar asu goblog. Ora sida entuk lawuh daging kancil” ngono
pambengoke Pak Tani, mbukak kurungan karo nggebuk asu kang tehenger-thenger ana
sajerone kurungan.
Bug-bug………. kaing-kaing………….. Kapri si asu iku lumayu
kelaran. Lagi krasa yen dheweke wis
diapusi kancil

Tidak ada komentar:
Posting Komentar