Werdine Piwulang
Asthabrata
Satemene wejangan utawa piwulange
Rama marang Gunawan Wibisana iku rupa-rupa. Antarane bab-bab kang ana
gepok senggole karo pamrentahan, ulahpraja, ngenani kewajibane para panggedhe,
para warga paprentahan, bab pidana, lan paturan, lan liya-liyane. Dene wejangan
kang disebut Asthabrata kuwi mligi wejangan bab paprentahan nagara wae.
Tembung Asthabrata mono
ateges laku kang wolu. Cacah kang wolu iku miturut anane dewa kang wolu kabeh
kang duweni sesipatan dhewe-dhewe kang patut dadi patuladhan para kang ngasta
pusaraning praja. Dewa wolu mau yaiku: Bathara Endra, Bathara Surya, Bathara
Bayu, Bathara Kuwera, Bathara Baruna, Bathara Yama, Bathara Candhra, lan
Bathara Brama.
Wondene
sesipatan wolu miturut para dewa mau karingkes ing ngisor iki.
a. Bathara
Endra
![]() |
Mengku pralambang ngalam donya iku kaya dene bumi
utawa lemah. Bumi iku mau padha dene badane manungsa. Lakune badan mau kudu
duweni sesipatan rila, legawa anoraga.
b. Bathara
Surya
![]() |
Mengku pralambang yen urip ing ngalam donya iku kaya
dene srengenge. Srengenge iku mujudake angen-angene manungsa, ateges manungsa
kudu bisa lumebu ing gapurane kawruh, kudu bisa lumintu kaya sunare sang surya.
c. Bathara
Bayu

Iku pralambange napasing manungsa. Napas mono kudu
tansah bisa dadi talining ngauriplan bisa
ngukuhake kanggo nandukake pakarti sumujud ing Pangeran kang Murbeng Titah,
Gusti Allah.
d. Bathara
Kuwera
![]() |
Nglambangake yen ngalam donya iku mendgung. Iku
minangka pasemon mbunganmanungsa kang olah praja kudu bisa gawe katentreman lan
kabegjan. Mau kabeh dumunung ing pangrasa.
e. Bathara
Baruna

Ngalam donya iku dilambangake banyu. Banyu iku kaya
dene wicarane manungsa, pagunemane manungsa. Mula manungsa kudu bisa migunakake
tetembungan kang ngenaki atining liyan lan migunani kanggo sadengah wong kang
ngrungokake.
f. Bathara
Yama

Iku nglambangake yen ngalam donya kaya dene lintang.
Lintang iku pasemon karsa utawa derengeng kekarepan. Karsa kudu bisa diereh,
dikandhani murih bisane tumindak kang pratitis.
g. Bathara
Candra
![]() |
Nyemoni sipate kasucening ati kaya dene sunaring
rembulan, resik lan sumringah. Sunar rembulan kang resik gemrining iku sanajan
katutupan mesthi yen wis pulih banjur pulih resik maneh. Semono uga ati kang
suci.
h. Bathara
Brama

Brama iki werdine geni. Geni minangka pasemon tumrap
napsune manungsa. Napsu ana werna loro, kang utama lan kang ala. Geni yen
kegedhen urupe dadi bebaya, semono uga
napsu kang ora bisa diereh, kang kegedhen, bisa nuwuhake kacilakan tumrap
manungsa liyane sapadha-padha.
Sesipatan
kang wolu-wolune mau kudu kanthi laras dipatrapake tumrap sing sapa wae
tinanggenah ngasta pusaraning nagara. Ananing sipat kang kaya ngono kuwi kabeh
uga patut diugemi rakyat kang diprentah, yen mengkono tundhone bebrayan bakal bisa
ayem tentrem, sadhengah gegayuhan mesthi bakal klakon.




Tidak ada komentar:
Posting Komentar