MERAPI ORA NATE NGAPUSI
“Merapi
ora nate ngapusi”, mengkono
pangandikane Kepala Pusat Vulkanologi lan Mitigasi Bencana Geologi, Bapak
Surono. Sakwise diundhakke status dadi siyaga, Merapi nglunasi janjine kanthi
mutahake awan panas kanthi
wektu kang suwe. Gunung Merapi kang dhuwure 1930 meter lan manggon ing Sleman njeblug,
ngetokake awan panas (wedhus gembel) lan lahar adhem. Wedhus gembel nggerus apa
wae kang dilewati kalebu daleme Mbah Maridjan ing Dhusun Kinahrejo,
Cangkringan, Sleman kang jarake kurang luwih 4 km saka puncak Merapi.
Mbah
Maridjan kanthi asma asli Mas Penewu Suraksohargo dados guru kunci Gunung
Merapi wiwit tahun 1982. Saben Merapi arep njeblug warga ngenteni komandho saking Mbah Maridjan prelu ngungsi utawa
ora.
Nalika
status Merapi mundhak, kurang luwih 40.000 warga pindhah ing pengungsian,
ananging Mbah Maridjan kanthi tetep ati nulak mudhun saka Merapi. Mbah Maridjan setya tuhu nunggoni Gunung
Merapi senajan mbebayani. Galake wedhus gembel saka merapi mingkes gesange Mbah
Maridjan. Mbah Maridjan seda diantem awan panas 600 derajat celcius kanthi
kahanan sujud manembah Mring Kang Kuwasa.
Dhusun
Kinahrejo entek ora ana tilase, omah – omah rusak, tetanduran gosong, kewan –
kewan uga padha mati lan awan panas krasa ing sakupenge dhusun kuwi. Sakwisse
pirang – pirang ndina ngamuk nyemburake awan panas, Merapi banjur mbalik turu angkler. Sanajan
kahanan wis ora mbebayani, ananging Bapak Surono tansah ngelingke para korban gunung
njeblug supaya tetep waspada lan ngati – ati.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar