MATERI BAHASA JAWA KELAS 8 SEM. 2
SERAT
WULANGREH PUPUH KINANTHI
·
Serat
Wulangreh kaanggit dening Paku Buwana IV saka Kraton Surakarta Hadiningrat
·
Wulangreh
iku asala saka 2 tembung, Wulang lan Reh. Wulang tegese pitutur utawa ajaran.
Reh tegese tuntutan utawa laku cara. Wulangreh bisa ditegesi minangka ajaran
utawa piwulang bab laku cara utawa tumindak kang becik.
·
Ciri – ciri
/ titikan tembang macapat Kinanthi iku :
1.
wateke
seneng, asih lan tresna
2.
guru gatra
ana 6
3.
guru
wilangan lan guru lagune : 8u, 81, 8a, 8i, 8a, 8i
Negesi isine tembang KINANTHI
|
Pada |
Cakepan / tembang |
Teges lan isine |
|
1 |
Padha gulangen ing kalbu Ing sasmita amrih lantip Aja pijer mangan nendra Kaprawiran den kaesthi Pesunen sariranira Sudanen dhahar lan guling. |
Latihen kalbumu, supaya ati lan pikiranmu
landhep kanggo mikir, aja seneng mangan lan turu (kudu urip prihatin), duwea watak satria/pahlawan. Kulinakna nyuda
mangan lan turu |
|
2 |
Dadiya lakunireku Cegah dhahar lawan guling Lawan aja asukan-sukan Anganggoa sawatawis Ala watake wong suka uda prayitnaning batin. |
Dadekna
adat kebiasaan ngurangi mangan lan turu, lan aja seneng foya – foya. Yen arep
tumindak dipikir dhisik, amarga wong kang akeh foya – foya iku kurang becik
ati lan batinne. |
|
3 |
Yen wus tinitah wong agung Aja sira gumunggung dhiri Aja raket lan wong ala Kang ala lakunireku Nora wurung ngajak-ajak Satemah anenulari. |
Yen
wis ditakdirake dadi wong dhuwur drajate, aja umuk/sombong/gumedhe. Aja
nyedhaki wong ala, ala tumindake. Amarga bakale ngajak – ajak lan nulari
supaya tumindak ala |
|
4 |
Nadyan asor wijilipun Yen kelakuane becik Utawa sugih carita Carita kang dadi misil Iku pantes raketana Darapon mundhak kang budi. |
Senajan
keturunane wong mlarat, yen kelakuane becik lan seneng aweh pitutur becik lan
tumindake apik iku pantes didadakake kanca. Supaya bisa nambah wicaksana
awakmu |
|
5 |
Yen wong anom pan wus
tamtu Manut marang kang ngadhepi Yen kang ngadhep akeh
bangsat Nora wurung bisa anjuti Yen kang ngadhep keh
durjana Nora wurung bisa maling |
Yen
isih enom, biyasane gampang lulut (terpengaruh) lingkungan ing sekitare. Yen
akeh wong kang ala kelakuane, ya bisa melu dadi wong ala. Yen akeh penjahat,
ya bisa melu – melu dadi maling |
|
6 |
Sanadyan ta nora melu Pasthi wruh solahing
maling Kaya mangkono sabarang Panggawe ala puniki Sok weruha nuli bisa Iku panuntuning iblis. |
Senajan
ora melu maling, ananging weruh carane dadi maling amarga saben dina
ndelok.saka mung nyawang malin, suwe – suwe bisa dadi maling, iku mau
bujukane iblis |
|
7 |
Panggawe becik puniku Angel yen durung kalakwan Aras-arasen nglakoni Tur iku den lakonana Mupangati badaneki |
Tumindak
becik iku gampang yen wis dilakoni, angel yen durung dilakoni. Rasane wegah
yen arep nglakoni, mula aja ditunda, enggal dilakoni amarga bakale bermanfaat
kanggo awakmu dhewe. |
|
8 |
Yen wong anom-anom iku Kang kanggo ing masa iki Andhap asor kang den
simpar Umbag gumunggunging dhiri Obral umuk kang den gulang Kumenthus lawan kumaki |
Para
mudha ing jaman saiki wis padha ninggalake sopan santun lan andhap asor
(rendah hati). Akeh – akehe padha sombong, ngobral sombong lan gumedhe,
ngumbar kesombongan, kemaki lan gedhe endhase |
|
9 |
Sapa sira sapa ingsun angalunyat sarta edir iku wewatone uga nom-noman adoh wong becik emoh angrungu carita carita ala miwah becik. |
Ora gelem kenal karo kanca, kurang ajar lan
sombong, bocah enom kang ngadohi tumindak becik lan ora gelem diwenehi
pitutur, iu kabeh kelakuan kang ala. |
|
10 |
Cerita pan wus kalaku panggawe ala lan becik tindak bener ala lan ora kalebu jro cariteki mulane aran carita kabeh-kabeh den kawruhi. |
Crita
kang wis ana, tumindak ala lan apik, solah bawa kang ala lan apik, iku kudu
kok mangerteni |
|
11 |
Mulane wong anom iku abecik ingkang taberi jejagongan lan wong tuwa ingkang sugih kojah ugi,
kojah iku warna-warna, ana ala ana becik. |
Mula
dadi bocah enom kang apik kudu pinter srawung karo wong tuwa. Amarga wong
tuwa kuwi sugih nasehat/pitutur, pituture warna – warna ana kang ala lan aka
kang becik |
|
12 |
Ingkang becik kojahipun sira anggoa kang pasthi ingkang ala singgahana aja sira anglakoni lan den awas wong akojah iya ing masa puniki. |
Sing
apik pituture ya kuwi sing digugu. Sing ala disimpen wae aja dilakoni. Ngati
– ati yen micara karo sapa wae ing mangsa iki |
|
13 |
Akeh wong kang sugih wuwus nanging den sampar pakolih amung badane priyangga kang den pakolehaken ugi panastene kang den umbar nora nganggo sawatawis. |
Akeh
wong pinter omong, ananging omonge kuwi mau kanggo kepentingane dhewe. Kanggo
golek keuntungane dhewe lan seneng ngumbar dhengki |
|
14 |
Aja ana wong bisa tutur amunga ingsun pribadhi aja ana ingkang memadha angrasa pinter pribadhi iku setan nunjang-nunjang tan pantes den pareki. |
Ana
wong pinter omong lan rumangsa pinter dhewe, oara ana kang bisa nyaingi. Sing
ngono iku perilakune setan, aja kok cedhaki |
|
15 |
Sikakna di kaya asu yen wong kang mangkono ugi dahwen apan nora layak yen sira sandhinga linggih nora wurung katularan becik singkirana ugi. |
Yen
nemoni wong ala ngono kuwi, adohi kaya asu, ora patut kok sandhingi, luwih
becik disingkiri amarga bisa nenulari |
|
16 |
Poma-poma wekasingsun mring kang maca layang iki lair batin den estokna saunine layang iki lan den bekti mring wong
tuwa ing lair praptaning batin. |
Kanggo
sapa wae kang maca layang (tembang Kinanthi, serat Wulangreh) iki, lakonana
lair batin apa kang ana ing tembang iki. Tansah bekti marang wong tuwa lair
lan batin |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar